Cerkak SESUMBAR DADI BUYAR
SESUMBAR DADI BUYAR (Dening : Ika lusiana) Wengi sansaya atis, kekes kaya dening derese udan sing wis limang jam kaya disok saka langit, godhong-godhong jambu grogok saperangan maneh katon aclum kaya polatane Titis, bocah sing bingung merga arep pin d ah sekolah. Haduh, udan tansaya deres, wengi sansaya kekes, ananging Titis katek isek bingung,”Opo iyo keputusanku pindah sekolah iki bener” pikire Titis. Isuk iki Titis budhal menyang sekolahane sing anyar, Titis budhal sekolah diteraki marang mbake, teka sekolahan Titis ngrasa minder amarga Titis bedha karo kanca liyane, ananging sing isa ngilangi rasa mindere Titis yaiku Titis kepengen dadi wong sukses lan Titis tetep mensyukuri apa sing diwenehne gusti marang Titis, Titis duweni cita cita dadi profesor. Teka sekolahan Titis langsung menyang kelase, teka kelas kanca kelase Titis nyawang kabeh karo raupan sing bingung, ananging Titis tetep PD masiho disawang kaya ngana. Seminggu sekolah ning kana Titis duweni kanca si...