Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2017

Cerkak SESUMBAR DADI BUYAR

Gambar
SESUMBAR DADI BUYAR (Dening : Ika lusiana) Wengi sansaya atis, kekes kaya dening derese udan sing wis limang jam kaya disok saka langit, godhong-godhong jambu grogok saperangan maneh katon aclum kaya polatane Titis, bocah sing bingung merga arep pin d ah sekolah. Haduh, udan tansaya deres, wengi sansaya kekes, ananging Titis katek isek bingung,”Opo iyo keputusanku pindah sekolah iki bener” pikire Titis. Isuk iki Titis budhal menyang sekolahane sing anyar, Titis budhal sekolah diteraki marang mbake, teka sekolahan Titis ngrasa minder amarga Titis bedha karo kanca liyane, ananging sing isa ngilangi rasa mindere Titis yaiku Titis kepengen dadi wong sukses lan Titis tetep mensyukuri apa sing diwenehne gusti marang Titis, Titis duweni cita cita dadi profesor. Teka sekolahan Titis langsung menyang kelase, teka kelas kanca kelase Titis nyawang kabeh karo raupan sing bingung, ananging Titis tetep PD masiho disawang kaya ngana. Seminggu sekolah ning kana Titis duweni kanca si...

Cerkak KANCA SEJATI

Gambar
KANCA SEJATI (Dening : Riska Fitri Fahrani) Ing dina Sabtu Sarin lan Pipit dolan bareng menyang waduk. Sarin karo Pi p it wis kekancan kawit SD. Bocah 2 iki wis kaya uler karo anthung. Wis ora kena dipisah.   Omahe Sarin lan Pipit sekitar 6 km, nanging S arin tetep semangat dolan menyang omahe Pipit, masiya numpak sepedah sing wis tuwa nek e mbah kakunge Sarin. Sarin tresna banget marang Pipit, semana uga Pipit. Ing sawijining dina B apake Pipit tiba kecelakaan menyang dalan, sikile kudu diamputasi, nanging kulawargane Pipit durung bisa nggawa menyang Rumah Sakit amarga ora nduwe dhuwit.   Saben sore Sarin mesti dolan menyang omahe Pipit karo nggawa masakan sing di masakne ibuke Sarin. "Assalamu'alaikum Pit, iki aku diutus I buk marengne masakane I buk gawe B apakmu" ucape Sarin marang Pipit ing ngarep omahe Pipit. "Wa'alaikumsalam Rin, iya matur suwun engko tak paringne B apak, aku arep njaluk tulung marang awakmu, awakmu ka...