Cerkak SESUMBAR DADI BUYAR
SESUMBAR
DADI BUYAR
(Dening : Ika lusiana)
Wengi
sansaya atis, kekes kaya dening derese udan sing wis limang jam kaya disok saka
langit, godhong-godhong jambu grogok saperangan maneh katon aclum kaya polatane
Titis, bocah sing bingung merga arep pindah sekolah.
Haduh,
udan tansaya deres, wengi sansaya kekes, ananging Titis katek isek bingung,”Opo
iyo keputusanku pindah sekolah iki bener” pikire Titis.
Isuk
iki Titis budhal menyang sekolahane sing anyar, Titis budhal sekolah diteraki
marang mbake, teka sekolahan Titis ngrasa minder amarga Titis bedha karo kanca
liyane, ananging sing isa ngilangi rasa mindere Titis yaiku Titis kepengen dadi
wong sukses lan Titis tetep mensyukuri apa sing diwenehne gusti marang Titis,
Titis duweni cita cita dadi profesor.
Teka
sekolahan Titis langsung menyang kelase, teka kelas kanca kelase Titis nyawang
kabeh karo raupan sing bingung, ananging Titis tetep PD masiho disawang kaya
ngana.
Seminggu
sekolah ning kana Titis duweni kanca sing apik banget marang Titis bocah iku
jenenge Wulan, Wulan lungguh sak bangku karo Titis, masiho Titis duweni
kekurangan Wulan ora tau bandheng-bandhengne Titis karo kanca liyane.
Dina iki maeng kelase Titis diwenehi
Tugas marang gurune diutus gawe puisi, sakwise tugas iku diwenehne kanca sak kelase Titis banjur menyang perpustakaan goleki
buku tentang puisi digawe referensi. Teka perputakaan Titis milih-milih buku
amarga dak teko jupuk buku ing rak Titis nyuwun tulung Lisa dikon Jupukke buku
ning
rak buku, amarga Titis ora teka.
“Lis, aku nyuwun
tulung jupukna buku puisi iki”, kongkone Titis
“Aduh, bocah manis
mesake emen” jawabe Lisa karo raupan ora penak
“Jupukken dewe,
aku sik repot”jawabe Lisa karo bengok.
“ Aaku ora teka Lis” jawabe Titis
kaget.
Nalika
Titis digetak Titis banjur meneng lan ngaleh, ora suwi wulan teka.
“Ginio
Tis sampeyan kok meneng wae” takone Wulan
“Endak
gene-gene Wul” jawabe Titis
Sakwise
iku Titis lan Wulan banjur nerusake garap tugase maeng. Bel mulih sekolah wis muni banjur kabeh
murid mulih
menyang omahe dhewe-dhewe.
Isuk
iki Titis budhal sekolah kaya biasane, teka kelas Titis langsung menyang kelas
lan ning jero kelas wis eneng Wulan.
“Dengaren
budhal
isuk sampeyan wul” takone Titis
“Iya
Tis, mergane aku durung garap pr matematika mangkane aku budhal isuk” jawabe Wulan.
“Hoalah
Wul,takira nyapo, mergane dengaren wae sampeyan budhal isuk”
“Hehehe,
prmu wis sampeyan garap Tis, lek wis aku arep ngampel?
“Sampun
Wul, iki sampeyan ampel.” Jawabe Titis
Merga
wedhi lek selak masuk wulan banjur garap pr iku mau.
Ora
suwi bel masuk muni banjur murid-murid mlebu ing kelase dhewe-dhewe. Merga iki
dina bakal eneng rapat murid-murid diulehke luwih awal. Amarga Titis urung
eneng sing mapak Titis mulih
bareng Wulan.
“Tis sampeyan mulih karo sapa?” takone Wulan marang
titis
“Embuh wul, mbak ku wis tak telpun
nanging urung diangkat teka saiki”
“Oalah ya wis sampeyan apa mulih bareng aku wae”
“Endak usah wul engko ngrepotke sampeyan”
“Wis ta ora-ora, aku andak ya dijupuk
karo bapakku dadine ndak ngrepotne Tis”
“Tenan lo Wul, ya wis ayo mulih”
Banjur
wulan lan titis mulih.
Ananging ing tengah dalan mbakke
Titis
nelpon yen ning omah ora eneng uwong, kabeh metu, akhire merga titis ning omah ora enek kancane Titis banjur menyang omahe wulan.
“Wul aku tak ning omahe sampeyan ya,
mergane ning omahku endak eneng sapa-sapa mbak lan ibuk bapakku isek metu?”
“Iya Tis, endak apa-apa”
Banjur ngana Wulan lan
Titis teka omahe Wulan, merga timbang ora nyapa-nyapa akhire wulan lan titis
sinau bareng, merga Titis
pinter matematika banjur wulan nyuwun warah marang titis dikon marahi sinau
matematika. Merga wis sore lan wulan ya wis diparani marang mbake titis banjur
nyuwun pamit mulih marang wulan lan wong tuwane wulan.
Isuk
iki Titis budhal sekolah kaya biasane, teka sekolahan ya KBM kaya biasane, ananging
ing tengah-tengah KBM ana pengumuman yen ketua kelas dikongkon kumpul ning ngarep
perpustakaan. Banjur ketua kelase Titis metu ngenyangi pengumuman iku maeng.
Eneng 10 menitan Doni wis balek saka panggon pengumuman, banjur Doni ngumumake
yen bakal eneng lomba olimpiade matematika, sing bakal dienengke tanggal 28
oktober, sapa sing pingin melu dikon daftar menyang ketua kelas disek, lan sapa
mengko sing bisa menang bakal dikirim menyang tingkat nasional.
“Tis sampeyan dak pengen melu lomba
iku” takone wulan
“Emboh aku isik bingung wul”
“Ora usah bingung sampeyan kan isa
matematika”
“Alah pada wae karo sampeyan wul, aku
matematika ya ora isa-isa banget, alah wis aja bahas iku wae, ayo gek ndang
ngebarne tugase iki”
“Oalah iya tis nganti lali aku”
Banjur
titis lan wulan nerusake tugas sing diwenehi gurune. Banjur ngono bel muleh sekolah muni banjur
murid-murid mulih. Ning dalan titis mikirne perkara lomba maeng. Banjur sesok
isuk ing sekolahan titis
nemoni Doni
lan titis
daftar yen titis pengen melu lomba iku mau.
“Don, aku daftar lomba olimpiade
matemaika dekingi”
“Iya wul, muga-muga berhasil lan isa
oleh juara”
“Amin”
Sakwise
titis daftar lomba iku mau wulan teka lan titis cerita marang wulan yen dheweke
melu olimpiade matematika.
“Wul aku sidana melu lomba olimpiade
matematika”
“Tenan”
“Tenan wul, yen sampeyan ra percaya
sampeyan takok doni”
“Iya, don titis apa melu lomba
olimpiade matematika”
“Iya wul, iki titis lagek bar daftar
menyang aku”
“Oalah siip”
Anaging
ana sing ora demen yen Titis
melu lomba iku, bocahe yaiku Lisa,
bocah sing kawet dhisek ora demen marang titis emboh perkarane apa yen lisa iku
ora demen marang titis. Amarga lisa krungu omong-omongane doni lan wulan yen
titis bakal melu olimpiade matematika lisa melu nibrung omongane bocah lara iku
maeng.
“Apa
aku ora salah krungu yen titis bakal melu lomba olimpiade matematika,
bocah
ngana wae arep melu lomba apa ya mampu”
“Apa
maksudmu lis, ngomong ngana kuwi”
“Halah
sok-sokan ra ngerti”
“Nyatune
ora ngerti, sampeyan kuwi yen muni dijaga aja sukur ngomong”
belane wulan amarga wulan ra trima yen kancane
di ngonokke
“Wis
to wul ra papa, wis dak usah diladeni”
Amarga
titis cegah yen bakal dadi perkara, banjur titis ngejak ngaleh wulan banjur
titis ngejak wulan menyang perpustakaan.
Amarga pelajaran sekolah wis rampung
banjur wulan lan titis mulih, ananging ing dalan titis nglamun wae amarga mbake
wulan weroh yen adikke nglamun banjur mbake wulan takok marang titis.
“
Sampeyan ginio dik kok nglamun wae”
“Endak
mbk”
“Sampeyan
apa eneng masalah ing sekolahan”
Nalika
ditakoni mbakke titis meng wae, titis bingung arep jawab piye
“Ngomongo
wae dik enek apa?”
“Iya mbak, ngene
lo aku kan melu lomba olimpiade matematika nanging ana kancaku sing dak demen
marang aku melu lomba iki”
“Trus nyapa sampeyan
pikirne barang dik, iku kan sing nglakoni sampeyan uduk kancamu iku maeng,
sampeyan rasah mikir rena-rena, sampeyan kudu isa mbutekne marang kancamu iku
maeng yen sampeyan isa ora gek sampeyan andak lagek
dikonokke wae wis ra semangat, dadikno omongane kancanmu iku penyemangatmu melu
lomba iku.”
“Iya
mbk, nanging”
“Wis ta rasah
nanging-nangingan, sampeyan kudu yakin marang kemampuanmu lan terus berusaha
yen sampeyan isa menang ing lomba iku lan oleh juara”
Nalika
diomongi mbakke iku titis duwe semangat eneh yen dheweke isa melu lomba iku lan
menang.
Amarga seminggu engkas olimpiadene
bakal dienengke titis sinau tenanan saben dina titis sinau gen titis oleh
juara. Wektu sing dienten-enteni titis teka dina ning ngendi titis bakal melu
lomba, karo rasa sing deg-degkan lan rasa ra pede, kuwatir titis budal menyang
panggonan lomba. Teka papan panggonan ning kana akeh banget bocah sing melu
lomba, amerga lomba iki ora ung saka sekolahane titis wae nanging kawet
sekolahan ngendi-ngendi, bajur rasue lomba sing dienten-enteni titis dilekasi.
Titis kanthi yakin yen dheweke isa garap soal-soal iku, ora krasa wektu kari
limang menit maneh, lan titis uga wis ngrampungne soal-soal ana ing lomba iku,
senajan soale angel-angel ananging titis ora pantang nyerah, kanthi raupan
bungah dheweke ora ngira yen dheweke isa ngrampungne soal lomba.
Wayah sing gawe deg-degan dilekasi
eneh, wayah ning ngendi iku wayahe pengumuman sapa sing dadi juarane lan akhire
titis sing dadi juara, titis oleh juara siji lan titis banjur dikirim menyang
tingkat nasional.
Merga saka titis melu lomba iku lan
titis oleh juara kanca-kancane titis sing biyen ngremehne titis banjur saiki
dukung titis.
Lan saiki titis dikenal dadi bocah
pinter lan ora dikenal amerga titis duweni kekurangan.
BIODHATA PANYERAT
Jeneng
: Ika Lusiana
Alamat
: RT.32/RW.07 Desa Tawing,
Kec.Mnjungan,Kab.Trenggalek
No.Hp
: 082302312085
Sekolah
: SMAN 1 Durenan
Tataran / Urut
Kaping : XII IPA2 / 13


Komentar
Posting Komentar