Cerkak GANDANE TEMPE BOSOK
Bocah Kawit cilik,kawit bayi cedhek karo aku ,aku sing ngopeni ,nyandi-nyandi tansah kelet karo awakku .Yaiku Arun bocah lanang umur sangang taun kang tumekan saiki wis tak anggep dulur dhewe ,semono uga kulawargane Arun wis nganggep kulawargaku tangga rasa dulur.
SDN Bumi Asri yaiku salah sijine sekolahan ing desaku . Dheweke sekolah menyang kono ,padha kaya adhikku ipe ,Adit ,bocah umur 6 taun ,anakke mbakku kang omahe ora adoh saka omahku.Saben dina ,Arun arep budhal sekolah mampir menyang omahe mbakku minangka marani Adit budhal sekolah bareng-bareng .
“Le...tole..ibuk mengko ora sekolah ,sampeyan bareng Mas Arun ya?” Pitakone Mbak Alim menyang Adit.
“Enggeh buk!niki kula tasik madosi sepatu!” Jawabe karo mbingungi ngalor ngidul nggoleki sepatu.
“Iya le...gek ndang budhal selak kasep ,kae Mas Arun wis ngenteni ning ngarepan .” Kandhane Mbak Alim karo umbah-umbah ning mburi omah .
“Buk tole budhal sekolah .Assalamualaikum.” Karo mlayu nututi Mas Arun .
“Ya le...waalaikumsalam,ati-ati liwat pinggir!”
Awan iku ora ning sekolahan ora ning ngomah hawane padha wae panas.Jam setengah siji aku wis teka omah ,tak sawang saka etan ana bocah mlaku nggae sragam karo nyangklong tas .Saya cedhek tibake tak sawang adhikku Adit.
“Dit..Adit..renea ning omahe uti!”
“Bulik...ibukku menyang endi?” Pitakone karo nangis.
“Bulik Ida ndak eruh,bulik sik tas mulih sekolah le,wis gik ndang ganti klambi kono!”
“Hiks...hiks...hiks...” Nangis karo mlebu nyang njero omah.
Ora let suwi ana Mas Arun.Aku nyeluk Mas Arun merga mbasakne adhikku .Ning njaba Arun wis nyelak-nyeluki Adit arep ngejak dolanan .Pancen bubar mulih sekolah Arun karo Adit mesti dolanan bareng .Lek ora ngumbulne layangan ya bal-balan ,delikan utawa badmintonan.Bocah loro kuwi wis kaya upin lan ipin wis ratau turu awan ,panggah wae dolanan ning latar ngarep omahku.
“Run...Arun...mulih le...wayahe sekolah sore.” Swarane mamake Arun saka kulon pager.
“Iya mak...sik ya diluk engkas.”
“Dhik Adit aku mulih!” Swarane Arun karo mancal sepedhah tumuju menyang omahe.
Jam wis ning angka siji punjul setengah,sawise Arun mulih Adit banjur adus lan sekolah sore.Mulih sekolah sore Adit karo Arun dolanan maneh ngumbulne layangan ning sawah tekan sore.
“Mbak Ida aku tuku es.” Suwarane Arun
“Iya Run njupuka dewe,duwite blesekna slorokan”
“Iya mbak”
Pancen wis biasa kulawargane Arun lek tuku njupuk dhewe,wis di anggep dulur dewe ambi kulawargaku.Dadi ya ora isin-isin.
Dina iki sekolahan padha prei,amarga dina laire pancasila,nanging wong ning sawah ora ana preine .Kaya bapak karo ibukku ,isuk-isuk wia mempeng budhal menyang sawah,amarga aku ning ngomah dadi ana sing nunggu tokone .Pumpung prei aku nyapu-nyapu lan umbah-umbah.Tak rungokne ana bocah bal-balan ning latar,jebule Arun Adit karo Lio,anakke tangga etan omah.
Rampung umbah-umbah aku adus barngunu leren ning ngarep TV ,karo ngopeni bocah-bocah dolanan.Ora let suwi tak sawang Adit karo Arun mlebu ning njero toko,tak enteni suwi ora metu-metu.Penasaran karo bocah loro ning njero nyapo,langsung tak parani ning toko.
“Nyapo mbukaki slorokan adah dhuwit ki?” Pitakonku banter rada nesu.
“Mbo...mbo...ten nopo...no...po...” Jawabe arun wedi.
“Halah!Aku eruh mau dhuwite kok saki!Gek nyapo kuwi dhuwite toko kok cekel?” Pitakonku karo nggebler meja.
“Ora Dhik Adit sing ngejak.” Jawabe Arun karo mlayu mulih.
Pancen sosi toko mung dicantolne ning mburi lawang .Weruh tingkahe bocah ngunu kuwi maeng aku langsung nesu.Nanging kawit mau sing tak seneni Adit,aku ora wani nyeneni Arun nemen-nemen merga anakke uwong.
“Sampeyan maeng nyapo mbukaki adah dhuwit toko?” Pitakonku marang Adit.
“Uduk aku...uduk aku...uduk aku...!” Jawabe pegel karo nangis.
“Halah gik sapa sing ngongkon?”
“Mas Arun.”
“La sampeyan kok gelem dijak?tak omongne ibukmu lo lek mbeling!”
“Jarene Mas Arun lek ora gelem ora di bala.”
“Ngunuki dosa,aja gelem!Ora dibala ya mbok ben!
“Hegh...hegh...hegh.” Nangis ngasek-ngasek karo mlaku mulih.
Aku ora nyangka yen cah cilik nduwe pikiran kaya ngunu kuwi.Aku wadul karo ibukku,jarene ibukku bene ,aja diseneni merga anakke uwong lan ora usah diwadolne emakke.
“Ora usah dipegeli,pancen bocah cilik urung duwe dosa.Ora usah diseneni sing penting disawang tumindakke lan luwih ngati-ngati.” Kandhane ibukku.
Ora krasa wis ana sesasi,Arun arang dolan mahku nanging ya sik dolanan karo Adit.Ning sekolahane panggon Mbak Alim ngulang ,bocah-bocah kanca sak kelase Arun wadul ning Mbak Alim yen dhuwite Arun akeh banget ora kaya biasane,ana seket ewu,rong puluhan ewu lan lya-liyane.Gara-gara kuwi aku karo Mbak Alim saya cubriya
Bengi iki nalika ibukku arep nutup toko,wonge rumangsa dhuwite toko ana sing ilang.Nanging ibukku ora pati mikir ,batine paling ya kliru le ngijir.Tapi aku rumangsa ana sing ngganjel ning atiku.Sesuke ngunu Adit tak takoni.
“Le...saman apa njupuk dhuwite uti toko?” Pitakonku kalem.
“Endak bulik.” Saurane santai
“Dhuwite uti ilang le..sapa sing njupuk?”
“Uduk aku ... Mas Arun sing ngongkon!”
“Kapan le ngongkon le...gik uti ning ngendi kok ndak eruh?”
“Mau,mamik jumatan...uti pas iyam!
“Gek nyapo saman kok gelem Dhikongkon?”
“Lek ora gelem aku ora dibala karo Mas Arun jarene.”
“Gek jarene dhuwite dingge tumbas apa?
“Dingge tumbas iwak koi.”
Pancen bocah cilik urung duwe dosa ,wedine lek ora dibaturi gik ora nduwe kanca .Apa sing tak takokne ning Adit tak omongne ibukku,nanging ibukku wis ikhlasne wae .Ora oleh diomongne kulawargane.
“Mengko marakne ngrenggangne rasa paseduluran,marekne kulawargane sungkan lan isin.” Kandhane ibukku.
Sore-sore nalika aku lagi ngancani Adit ngumbulne layangan ning sawah ngarep omah,tak sawang ana bapake Arun golek suket.Ora let suwi ana bocah-bocah cilik saka etan mancal sepedhah lan mandek ning ngarep omahe Arun.
“Pak Ni...Arun nyolong iwak ning kolame Pak Jono.” Suwarane bocah-bocah karo mbengok-mbengok.
“Ning ngendi le bocahe tak paranane!wong bocah diomongi kok ora kenek,ora kaya kakangane.” Mlaku mulih karo nesu-nesu.
“Ning tegalane Pak Jono.”
“Ngesakne Pak Sarni,sing wong ngerti,guru ngaji anakke kaya ngunu,gek ning sawah dirungokne wong akeh.Pancen bener bocahe rada mbeling ora kaya kakangane.” Batenku ning njero ati.
Kawit kuwi bocahe wis ora tau dolan menyang omahku lan arang banget dolanan karo Adit.Paling bocahe wis rumongsa isin.Nanging kulawargaku ya panggah apik karo kulawargane ,ora ana rasa mangkel.
JENENG : LAILY AMELIA HIDAYAH
ALAMAT : RT. 03 RW. 02 DS. SUKOANYAR KEC. PAKEL KAB. TULUNGAGUNG
NO. TELPON : 085733664986
EMAIL : lailyamelia9@gmail.com
SEKOLAH : SMA NEGERI 1 DURENAN TRENGGALEK
TATARAN. : XII IPA 2
URUT KAPING : 18

BIODATA PENYERAT

Komentar
Posting Komentar