Cerkak MURUNG PEPINGINAN
MURUNG PEPINGINAN
(Dening Sofi Dwi Sanita)
Amir salah siji bocah SMA ing
Trenggalek, saiki Amir kelas 12. Amir kalebu ing SMA sing anaTrenggalek lewat jalur prestasi. Amir iku bocah sing pinter ing
bidang olahraga yaiku voli.
“Huh jan serem tenan iki maeng maine” Ujare
Amir sawise latihan voli.
Amir
seneng yen wis lagi nyekel bal voli kayata perkara sing ana pikiran bisa ilang. Amir kawit cilik wis
demen voli, kawit SD dheweke wis bisa melu lomba-lomba antar SD ing desane
nganti lomba ing tingkat kabupaten.
“Mir Amir, mrenea sedilutwae le” Suarane
ibuke Amir saka pawon.
“Wonten punapa buk, kula taksih
leren buk, nembe latihan voli” Ujare Amir saka kamar sinambi rebahan ing kasur
saking kesele dheweke latihan voli dina iku.
Sawise Amir rebahan, Amir mara ing pawon nemoni ibuke.
“Wonten punapa buk?” Takone Amir
marang ibuke.
“Tulung ya le iki paringna jajan bapak ing daleme Pak Darman”.
“Wonten punapa ta buk bapak kok
wonten daleme Pak Darman?”
“Iki mau ana rapat guru-guru sakecamatan
ing daleme Pak Darman. Wis cepet ndang budhala” Ujare ibuk.
Ing dalan Amir mikir yen
mengko ing daleme Pak
Darman mesti ditanggap marang kanca-kancane bapake. Mesthi padha takon arep nerusne sekolah nyandi.
Sawise
teka ing daleme Pak Darman, Amir langsung menehne bekal sing dititipake ibuke
Amir.
“Assalamualaikum”
Amir salam saka njaba daleme Pak Darman.
“Walaikumsalam,
healah Amir melbua disek le, bapak ning njero” Ujare pak Darman ngongkon Amir melbu omah.
“Owalah
iki maeng anak lanang, ana apa le?” Ujare bapake Amir.
“Puniki
pak, kula diutus ibuk nderekaken
titipanipun ibuk pak”
“Healah
yowis kene dimaem bareng-bareng” Ujare bapak.
“Jan
manteb tenan le masakane ibukmu” Ujare Pak Darman
“Hehe
inggih pak”
“Putramu iki kok yo wis arep kuliah yo Min. Gek arep nerusne nyandi le? Apa arep
nerusne bapakmu karo aku dadi guru?” Takone Pak Darman marang Amir karo guyon.
“Lhaiyata
Man tak kongkon dadi guru ae tak kon nerusne adhewe, kok panggahngeyel pengen dadi atlit voli,wis tak omongi yen dadi atlit iku angel, ora mung kudu pinter
voli tok tapi yo kudu duweni awak sing apik, akademik sing apik karo saingane
mesti abot-abot” Ujare bapake Amir.
Sawise
ngeterake titipan, Amir mbalik mulih. Ing dalan atine Amir tansah nggrundel karo apa sing diomongne bapake.Amir rumangsa mangkel amarga bapake ora malah menehi motivasi yen dheweke
supaya bisa dadi atlit nanging malah nyeblokake tekade amir dadi atlit. Bapake Amir tetep ngarahake Amir dadi guru wae.
“Sak
bisaku aku kudu dadi atlit voli”
Tegese Amir karo nyawang gambar poster pemain voli demenane.
Amir
iku bocah sing duweni pendirian kang kuat apa maneh marang bakat sing ana
dheweke, Amir tetep ora bisa icul karo voli. Voli wis ngajarake Amir akeh
pengalaman sing berharga nganti kanggo dheweke bisa kalebu ana ing sekolah
favorit iku lewat voli. Nanging kawit
tangane Amir mari saka cidera, sing dilakoni wektu Amir isih SMP mbien
lan kawit iku nilai sekolahe Amir padha medhun, saben Amir voli mesti kelingan
marang bapak ibuke. Amir tansah kaya durhaka ora manut omongane wong tuwane,
sing wis menging Amir ora oleh voli maneh.
Kanggo
mbuktekake marang bapak
lan ibuke yen iku mung cobane Amir dadi atlit,
Amir luwih sregep latihan voli lan ora lali Amir sregep sinau kanggo ngadepi
Ujian Nasional.
Kawit
kelas 12 ibuke Amir mulai daftarake Amir les kanggo Amir bisa lulus kanthi biji kang apik.
Masia Amir isih rada males kanggo les nanging Amir kepingin nyenengake ibuke
yen Amir bisa lulus kanthi nilai sing apik.
“Wis
kelas 12, kudu akeh latihan iki tapi yo kudu sregep les” Ujare
Amir arep budhal sekolah.
“Pak
buk Amir budhal sekolah rumyin nggih”
“Iya
le, sekolah sing pinter yo ben bisa dadi wong kang sukses” Semantane ibuk karo
ngelus-ngelus rambute Amir.
Waktu
kanggo UN wis ana ngarep mata. Amir kudu
siap kanggo ngadepi ujian-ujian. Amir wis nyiapake apa wae sing bisa dilakoni.
Usaha, donga wis dilakoni lan saiki mung bisa nyerahake marang Gusti Allah.
“Pye
mir wis siap UN?” Tekone kancane Amir.
“Halah
cah embuh, siap ra siap kudu panggah dilakoni”
“Gek
pye karo sekolah atlitmu sida daftar po ra?
“Yo
kudu panggah sida ta”
Seminggu
sadurunge UN Amir ora diolehi voli marang bapake, amarga bapake Amir pengen
Amir bisa fokus marang UN. Seminggu Amir terus les lan kudu nahan pengen
dolanan bal voli.
“Mir,
ayo mengko ning lapangan, latihan bareng” Semantane kancane voli
Amir.
“Peh
sepurane cah aku sek urung bisa latihan maneh”
“Loh
nyapo to mir kowe kok suwi ra latihan? Tekone koncone Amir.
“Iki
lho cah aku sek arep fokus UN disek, aku sek durung diolehi latihan marang
bapak ibukku”
“oalah,
yawis semangat yo Mir UN mu, muga-mugabisa lulus”
Amir
mung bisa nyawang konco-kancane sing lagi voli,masiya pengen banget voli, tapi Amir ngelingi
usaha lan kepinginane wong tuwane marang masa depan e Amir.
Wektu
UN dimulai, Amir siap lan bakal berusaha nggrap sesuai apa sing bisa dijawab. Usaha lan donga wisdilakoni, mung saiki menehake
hasile marang Gusti Allah.
Akhire
4 dina wis dilakoni, UN wis ditinggal. Saiki wektune Amir gawe fokus melu
seleksi sekolah atlit. Naning bapak lan ibuke Amir tetep ngongkon Amir
daftar sekolah guru. Amir manut apa sing di kongkon marang bapak lan ibuk, nanging Amir uga tetep
bakal melu seleksi sekolah atlit.
“Akhire
iso voli maneh” ujare Amir sakwise UN.
Akeh
sekolah-sekolah sing padha mbukak pendaftaran siswa anyar, lan Amir milih
daftar sekolah atlit lan sekolah guru olahraga nuruti apa sing didawuhne wong
tuwane. Amir ora pathi percaya yen dheweke bisa kalebu ing sekolah guru. Amir
tetep percaya yen dheweke bisa lulus seleksi sekolah atlit.
Wektu
seleksi dimulai, Amir meloni tes siji-siji. Tibake akeh banget bocah sing
pengen sekolah ing kono, lan padha pinter kabeh. Ora mung bisa voli uga dhuweni
awak kang apik. Tekade Amir gedhi banget kanggo maloni seleksi iku.
“Piye
le ,seleksine mau? Lancar apa endak? Tekone ibuk sawise Amir mulih seleksi
“Alhamdulillah
buk lancar nanging yo saingane kathah sanget, lan kathah sing luwih apik tinimbang kula buk,
kula malih mboten percaya diri saget lolos” ujare Amir sinambi ngeluh marang ibuke.
Seminggu
sawise, hasil seleksi iku wis bisa diumumake, Amir semangat banget arep ndelok
hasil usahana iku. Awan iku Amir mrana
arep ndelok pengumuman. Nanging sawise teka kono lan ndelok hasile, Amir kuciwa amarga dheweke isih
ora bisa katut seleksi. Padahal apa sing diusahakake lan niat sing dadi cita-citane kawit cilik iku kudu
mandeg ana saki. Amir rumangsa usaha sing dilakoni iki siya-siya.
“Ngapunten
pak buk, kula taksih durung bisa mbahagiake panjenengan,bisa wae usaha kula nganati
saiki dereng pathi gedhi,kula kudu luwih sregep,maneh lan donga marang Gusti
Allah”Ature Amir marang bapak lan ibuk.
“Ora
papa le, bapak lan ibuk iku mesthi
dukung apa wae sing dadi dalanmu. Yen dalanmu sak liyane dadi atlit paling ana
dalan sing wis disiapakemarang GustiAllah marang sliramu” Tuture bapak marang
Amir.
Ing
jalur liyane sing Amir daftar dadi guru wektu
iku, wis ana pengumumane. Amir tnsah bingung kudu kepriye maneh yen
dheweke ora bisaa katut maneh. Nanging beda karo sing dibayangne akhire hasil
pengumumane iku Amir dinyatake katut ing
jalur kasebut dadi guru olahraga ing salah sijine perguruan luar kota.
“Alhamdulillah
akhire aku bisa kuliah dadi guru olahraga, ora papa ora bisa atlit penting sik bisa ngrasakake
dolanan bal voli maneh” Ujare sinambi nyawang pengumuman.
Amir
percaya apasing dadi karepe wong tuwne marang Amir iku mesti kang terbaikkanggo masa depane Amir.
Nyatu pener yen usaha tanpa ora ana restu saka wong tuwa iku angel diwujudake.
Amarga dongane wong tuwa iku mandhi bnget kanggo anake.
BIODATA PANYERAT
Jeneng :Sofi Dwi Sanita
Alamat :RT.14
RW.01 Ds.Margomulyo, Kec. Watulimo, Kab.
Trenggalek
No.
Hp (WA) :085 843 315 796
Email : sfdwi939@gmail.com
Sekolah : SMA N 1 Durenan
Tataran/urut
kaping : XII-IPA 2/ 33


Komentar
Posting Komentar