Cerkak FILM
(Dening Isma Nafi’ah)
Ana
bocah telu kang lungguh ing kelas 12 SMAN 1 Perwari. Bocah telu iku jenenge Hito,
Ihsan, lan Sulton. Hito yaiku anggota kelompok basket ing sekolahane. Ihsan
yaiku anggota kelompok film sekolah. Sulton yaiku murid kang melu dadi anggota
anak jalanan.
Esuk
iku ing sekolahan Ihsan ngajak Hito lan Sulton supaya melu nggawe film sekolah.
Hito lan Sulton setuju wae.
“Filme
ngenani apa?” Takone Hito.
“Aku
durung nemu temane apa!” Jawabe Ihsan.
“Sesuk
wae lek mbahas, iki mau aku isih ana urusan.” Ujare Sulton.
“Iya.”
Jawabe Ihsan lan Hito.
Sesuke
bocah telu iku ngumpul ing perpustakaan sekolah kanggo ngrencanake perkara apa
sing arep digawe film. Ngangge semangat kang gedhe Ihsan nglekasi omong ngenani
angen-angen nggawe film. Sulton sing ora semangat ditegur karo Hito lan Ihsan.
“Nyapa
awakmu katon sedih” takone Ihsan.
“Ora nyapa-nyapa, yen nganggo film
sasi iki aku ora bisa amarga akeh tugas kelompok” jawabe Sulton.
“O....ya film iki sing penting
dadine akhir kelulusan” omonge Ihsan.
“Alon-alon sing penting kelakon”
ujare Hito.
Hito
banjur ngomongne angen-angene yaiku menawa ngenani kegiatan ing sekolahan.
Bocah telu kuwi wis nentokne yen film iki ngenani kegiatan ing sekolah.
Sesasi
sakwise
Ihsan,
Hito, lan Sulton nglekasi rencanane nggawe film. Nanging apa sing dibayangne
ora padha karo nyatane. Nalikane guru matematika ngajar, Ihsan, Hito, lan
Sulton rusuh ngenani sapa sing arep ngrekam.
“Sapa
iki sing arep ngrekam?” takone Sulton lirih.
“Awakmu
wae, yen aku engko weruh gurune” saure Ihsan lirih.
“Aku
ora wani” ujare Sulton karo ngehne kamera.
Ihsan
lan Hito sing ora gelem ngrekam ngewehne kamerane ning sulton maneh. Sulton
sing ora nampani kamerane, banjur kamerane ceblok. Karusuhan iku krungu banter
ing kupuinge gurune.
“Brakkk....”
Suarane kamera sing ceblok.
“Apa
kuwi?” Takone guru marang muride lan murid-murid pada kaget.
“Kamera
pak!” Saure murid.
“Sapa
sing dolanan kamera ing njero kelas?” Takone guru.
“Niku
pak Ihsan, Hito, kaliyan Sulton” Saure murid.
Banjur
bocah telu kuwi dikongkon metu lan dihukum supaya resik-resik kayata
nyapu-nyapu lan ngepel.
Nalika resik-resik Ihsan lan Hito
nyalahake Sulton sing ora gelem nampa kamerane kang ngakibatake kamerane rusak
lan ora gelem ngrekam. Sulton sing ora gelem disalahne banjur mbanting sapu
sing digawe nyapu-nyapu.
“Nyapa
kabeh iki salahku, ora mung aku sing pingin nggawe film iki.” Ujare Sulton.
“Aku
nyalahne awakmu amarga awakmu ora gelem nampa kamera sing tak wenehne” Saure Hito.
“Iya
aku ngerti, wektu iku aku durung siap nampa awakmu wis menehne kamera.” Ujare
Sulton.
Musuhan
iku kedadeyan amarga ora ana sing gelem ngalah kang ngakibatake nggawe film
mandek saknalika. Bengine Ihsan mikirne kedadeyan ing sekolahan mau sing
ngakibatake renggange kekancan.
“Yen
tak pikir aku karo Hito iku mung nyalahne Sulton, kedadeyan mau ora di sengaja
karo Sulton.” Guneme Ihsan karo dolanan hp.
Ihsan
sing ngerti perkarane banjur WA Hito lan Sulton supaya ngumpul ing perpustakaan
sesuk istirahat. Esuk iku Ihsan, Hito, lan Sulton wis ngumpul ing perpustakaan.
“Assalamu’alaikum”.
Ujare Sulton karo lungguh ing sandinge Ihsan.
“Aku
ngajak ngumpul ning kene kanggo njelasne perkara dekwingi lan aku karo Hito
njaluk pangapuramu.” Ujare Ihsan karo nepuk pundake Sulton.
“Iya...aku
uga njaluk pangapuramu.” Saure Sulton.
Sulton,
Ihsan, lan Hito nggawe janji ora bakal musuhan, yen ana masalah dirembugne
bareng-bareng. Kamera sing rusak dibenerake ing service kamera. Banjur bocah
telu kuwi ngrembugne ngenani film sing arep digawe.
“Aku
nduwe usul yen filme ngenani kegiatan ing sekolah lan ngenani anak jalanan sing
positif.” Ujare Sulton.
Ihsan
lan Hito setuju karo angen-angene Sulton.
Akhire
kamerane wis didandani, banjur film iku dilekasi saka sekolahan kedadeyan ing
sekolahan kayata murid sing di hukum gurune amarga ora nggarap PR, kegiatan
ekstrakurikuler lan intrakurikuler, lan liyane, banjur kegiatan ngenani anak
jalanan direkam dina minggu.
Filme
wis di edit banjur di tayangne ing aula sekolah. Hito lan Sulton nyiyapake
peralatan kanggo nayangne kayata monitor, laptop, lan liyane. Murid sing pingin
ndelok filme akeh banget. Ihsan, Hito, lan Sulton seneng banget kanggo
ngrayakne Ihsan ngajak Hito lan Sulton mangan ning kantin sekolah.
BIODATA PANYERAT
Jeneng : Isma Nafi’ah
Alamat : RT.16 RW.04 Desa Baruharjo Kec.
Durenan Kab. Trenggalek
Telepon : 083839937261,
Email : Afidatulkhuzaimah2@gmail.com
Sekolah : SMAN 1 DURENAN
Tataran : XII IPA 2/ urut kaping: 15


Komentar
Posting Komentar