Cerkak KANCA SEJATI
KANCA
SEJATI
(Dening : Riska Fitri Fahrani)
Ing
dina Sabtu Sarin lan Pipit dolan bareng menyang waduk. Sarin karo Pipit wis kekancan kawit SD. Bocah 2 iki
wis kaya uler karo anthung. Wis ora kena dipisah.
Omahe Sarin lan Pipit sekitar 6 km, nanging Sarin tetep semangat dolan menyang omahe
Pipit, masiya numpak sepedah sing wis tuwa nek e mbah kakunge Sarin. Sarin
tresna banget marang Pipit, semana uga Pipit.
Ing
sawijining dina Bapake
Pipit tiba kecelakaan menyang dalan, sikile kudu diamputasi, nanging kulawargane Pipit durung bisa nggawa
menyang Rumah Sakit amarga
ora nduwe dhuwit.
Saben sore Sarin mesti dolan menyang omahe
Pipit karo nggawa masakan sing di masakne ibuke Sarin.
"Assalamu'alaikum
Pit, iki aku diutus Ibuk
marengne masakane Ibuk
gawe Bapakmu" ucape Sarin marang Pipit ing ngarep omahe Pipit.
"Wa'alaikumsalam
Rin, iya matur suwun engko tak
paringne Bapak,
aku arep njaluk tulung marang awakmu, awakmu kan anake Pak Lurah tur sugih pisan, aku arep nyilih
dhuwit kanggo nambakne Bapak"
Pipit nyuwun tulung marang Sarin.
"Haduh
sepurane Pit, aku ora nduwe dhuwit, aku ya ora wani nyuwun Bapak, merga isuk mau Bapak lagek mbayari uwong sing kerja ning
sawah, terus Bapak
ngomong ning Ibuk lek dhuwite uwis entek " Sarin ora bisa nuruti penjalukane Pipit
"Youwis awakmu saiki uduk kancaku eneh,
ngalia saka omahku" jawabe Pipit karo ekspresi nesu,pegel lan
anyel.
Sarin
kaget karo nangis, ning dalan Sarin kepikiran terus karo omongane Pipit mau.
Sarin
ora bisa nulung apa-apa, amarga kulawarga ne lagi kesusahan, sakwise peristiwa
kuwi Sarin bolak-balik dolan menyang omahe Pipit, Pipit mesti ora ana ning
omah.
Sawijining dina Sarin bali saka omahe Pipit
karo donga supaya bisa ketemu maneh karo Pipit.
"Pipit aku kangen karo awakmu, mbendina
aku menyang omahmu, nanging awakmu ora tau enek" batine Sarin karo mbrebes
mili.
Sesuke
Sarin papasan karo karo Pipit,
"hee...
saiki awakmu uduk kancaku eneh, kilo kancaku sing saiki luwih saka awakmu, dek.
e gelem ngewangi aku kanggo mbayari bapakku ning Rumah Sakit, dheweke ya isa mbantu aku sing lagi
kesusahan, ora kayak awakmu. Lita ya anakke wong sugih sing ndak mlecing kayak
awkmu" Pipit ngenalne kanca anyare marang Sarin.
Sarin
mung isa nangis sesenggukan banjur mlayu mulih.
Ning
kamare Sarin mung bisa nangis karo nyawang foto barenge karo Pipit,,Sarin tresna banget marang Pipit.
Nanging
saiki kahanane wis beda, Pipit wis nduweni kanca sing luwih timbang Sarin.
Sarin ndak nyangka lek muk perkara dhuwit persahabatane karo Pipit sing wis
kawit cilik bubrah.
Wis
seminggu Sarin ora cetukan karo Pipit, dheweke kangen banget karo Pipit.
"Pit kapan adewe isa dolan bareng,
sepedahan bareng ning sawah eneh, ngguyu bareng, lan marem bareng eneh"
Sarin nglamun ing ngarep omah karo mbatin.
Lamune Sarin bubrah pas dheweke nyawang pipit karo Lita sepedahan
bareng liwat ngarep omahe. " Pipittt... pipit aku melu ya" Sarin
mbengok-mbengok supaya Pipit gelem ngejak cahe sepedahan bareng.
Nanging
Pipit blas ora ngganceng, nyauri ae ora. Ning kene Sarin mbrebes mili eneh dek.
e saya ngrasa salah ora bisa mbantu Pipit.
Ing
dina Minggu Sarin mesti ngenteni Pipit liwat ngarep omahe sepedahan bareng karo
Lita. Nanging wis ana 2 minggu iki bocah 2 kuwi ora ketara liwat ning ngarep
omahe Sarin.
Sarin
bingung karo kuwatir. "Enek apa ya karo Pipit kok suwi ndak sepedahan bareng karo Lita
liwat ngarep omahku eneh"
Ning
sekolahan Sarin ya ora tau cetukan Pipit karo Lita. Sarin marani ning omahe
Pipit ya ora tau cetukan Pipit
.
Ing sawijining dina tanggane Sarin, ngomongi lek kulawargane Pipit pindah omah. Sarin kaget lan
syok. Sarin bingung piye eneh carane dheweke bisa cetukan
eneh karo Pipit.
Jarak
2 minggu saka kabar yen Pipit pindah omah, Sarin oleh kabar lek Pipit
kecelakaan lan ora bisa mlaku, Pipit ana ing Rumah Sakit sing jarake ora adoh
saka desane Sarin, Sarin banjur menyang rumah sakit pengen nemoni sahabate sing
lagi kecelakaan.
"Pipit
ya Alloh pit geneya
kok
nganti kecelakaan kayak ngene pit"
Sarin
ora bisa nahan tangise. Pipit ya ora bisa nahan tangise dek. e lagek sadar yen
kanca sejatine iku Sarin.
"Sarin, aku wis salah gede banget karo
awakmu ucape Pipit karo mbrebes
mili.
Endak
kok Pit, endak Sarin nenangne Pipit.
Aku
wis mbuwang sahabat sejati kayak awakmu.
Lita ora kaya sing tak pikir selama iki
nyapa
Pit, enek apa ? pitakon e Sarin.
"Lita
ora tulus kancanan karo aku, Lita
mung manfaatne kepinteranku gawe ngewangi
tugas tugas sekolahe. Lita ora peduki saiki keadaanku piye, bahkan dek. e wis
ngilang ora ngabari aku pacak dek. e lulus sekolah oleh peringkat apik, Lita
wis mbuwang aku rin, aku
wis salah selama iki" tangise Pipit pecah ing ruangan cilik ning Rumah
Sakit.
Selama
iki ora kaya sing di pikirne Pipit, sahabat sing menurute segala-galane sing
selalu di banggakne jebule mung manfaatne Pipit. Pipit ngrasa salah gedhe banget marang sahabate sing
paling trena ning deweke, yaiku Sarin.
Sarin sing tresna banget marang Pipit, banjur
ngrangkul PiPit lan ngusap eluhe. "iyo Pit endak papa adewe tetep kanca
sejati kan?..." takon Sarin marang Pipit.
"Iya Rin awkamu kanca sejatiku sing selalu
tresna marang aku" Akhire bocah 2 kuwi sing sahabatan kawit cilik akhire
isa mbalik kayak semula eneh, ngguyu bareng eneh.
Alhamdulillah bocah 2 iku bisa nyatu meneh kaya semula ,kekancan
iku ora mandang bandha, ora mandang rupa, yen kanca sejati iku mesti ana nalika
kita susah, seneng, lan peduli marang kahanan kita, ora perduli dek.e pernah nduwe salah marang kita, yen
kanca sejati bakal tetep nyatu bebarengan amarga rasa sayang sing gedhe.
Jeneng :
Riska Fitri fahrani
Alamat :
rt.22 rw11.. Desa Bendorejo, Kecamatan Pogalan, Kabupaten Trenggalek
Telepon : 087759210508
Email : fahraniriska@gmail.com
Sekolah : SMA Negeri1 Durenan
Tataran : XII IPA 2, Urut Kaping 30


Komentar
Posting Komentar