Cerkak KESABARAN
KESABARAN
(Dening Nurfa Ainur Rosidah)
Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel
banget lan hawane adhem banget. Nanging kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Pak
Jono budhal menyang kantor. Wis ana setahun Pak Jono nyambut gawe ana
ing kantor kuwi. Pak Jono kudu mlaku dhisik saka omahe menyang pinggir
ratan gedhe. Ing pinggir ratan gedhe Pak Jono kudu nyegat bis sing menyang kantore.
Sawise teka kantor Pak Jono diceluk marang bose. Sawise teka
ruwangane Pak Budi, bose.
“Assalamu’alaikum” salame Pak Jono karo ndodok
lawang ruwangane Pak Budi.
“Wa’alaikumsalam” semaure Pak Budi saka njero
ruwangane banjur mbukakne lawang.
“Ealah, Pak Jono ta. Kene-kene lungguh dhisik.”
omonge Pak Budi banjur lungguh ing kursine.
“Wonten punapa ta, Pak? Kok kula dipunceluk
dhateng mriki.” Takone Pak Jono.
“Ngene lho, Pak. Iki perusahaanku arep bangkrut
dadi aku arep ngelongi karyawanku. Mangka saka iku aku nyuwun ngapura.
Awakmu saiki dakpecat.” semaure Pak Budi.
Pak Jono banjur pamitan kalian Pak Budi. Sawise
pamitan Pak Jono banjur mangkat mulih. Sawise teka omah.
“Assalamu’alaikum” salame Pak Jono.
“Wa’alaikumsalam. Lho Mas Jono? Ana apa ta, Mas
yahmene wis mulih?” takone Bu Erna, Bojone karo mbukak lawang.
“Ayo mlebu dhisik dakcritani ning njero wae.”
semaure Pak Jono.
Pak Jono lan Bu Erna banjur mlebu menyang omah.
Pak Jono banjur lungguh ana ing kursi sing ana ing meja mangan karo mikine
kepriye carane dheweke bisa oleh penggaweyan maleh. Bu Erna metu saka pawon karo nggawa kopi
sacingkir.
“Ana apa tha Mas koknglamun wae?” takone Bu Erna.
“Ngene lho Dhek aku iki tas dipecat karo bosku
amarga perusahaan sing dak panggoni kuwi arep bangkrut banjur
ngelongi karyawane.” Semaure Pak Jono karo rada lemes.
“Assalamu’alaikum” salame Putri sing nembe mulih
sekolah.
“Wa’alaikumsalam” semauri Pak Jono lan Bu Erna
bebarengan. Putri banjur salaman kalian bapak lan ibune.
“Pak, Buk, kula wau dipunaturi kalian guru kula
yen wancine mbayar buku lan seragam.” tuture Putri.
“Iya Put, sesuk lek bapak wis nduwe dhuwit, Ya?”
semaure Pak Jono.
“Enggih, Pak.” semaure Putri banjur mlaku menyang
kamare.
Wis ana seminggu Pak Jono golek penggaweyan malih nanging durung oleh penggaweyan malih. Ing wayah bengine Bu Erna
ngomong yen duwit buku lan seragame Putri wis ditagih. Pak Jono bingung
kepriye carane dheweke isa oleh duwit. Pak Jono banjur kelingan yen dheweke
nduwe kebun tela ing buritan omahe sing bisa didol ning pasar.
Ing wayah isuk, sing langite isih peteng lan
hawane adhem Pak Jono wis ana ing buritan omah kanggo njebol tela sing arep
didol ing pasar. Wit tela sing wis dijebol banjur ditandur marang Bu Erna
supaya bisa urip maneh.
Sawise ana sakebo telane kuwi mau digawa menyang
pasar kanggo didol. Jarake omahe Pak Jono saka pasar rada adoh. Dina iki pasare
rame banget amarga dina iki dina pasaran.
Nalika Pak Jono arep tata-tata arep mulih Pak Jono
weruh ana dhompet ceblok ing
ngarep. Pak Jono banjur njipuk dhompet kuwi banjur takok marang wong kang ana ing kana. Nanging ora ana sng
kelangan dhompet.
Pak Jono banjur ndelok alamat kang ana ing KTP
sing ana ing njero dhompet.
Pak Jono banjur nyigeki dagangane banjur mulih ngulihake dagangane. Sawise teka
ngomah Pak Jono banjur ganti klambi banjur mangkat nggoleki alamate sing duwe dhompet.
“Arep menyang ngendi ta, Mas? Yahmene kokganti
klambi.” Takone Bu Erna sing weruh bojone ganti klambi sing rapi.
“Iki lho Dhek aku arep nggoleki alamate sing nduwe
dhompet iki. Mesakne wonge
mesti bingung nggoleki dhompete.”.
semaure Pak Jono.
“Ya wis lek ngunu aku dakmangkat nggoleki alamate
sing nduwe dhompet iki.”
pamite Pak Jono.
“ Iya, Mas ngati-ngati” pesene Bu Erna karo ngamung tangane bojone.
Pak Jono nggoleki alamat kuwi maeng numpak bis
nganggo duwit asil dodol tela iki mau. Sawise teka desa kang ana ing alamat
kuwi maeng Pak Jono mlaku nggoleki alamat kuwi maeng tibake adoh banget.
Awan iki langite padhang banget lan hawane panas
banget. Pak Jono wis krasa ngelak banget nanging Pak Jono ora tuku ombe amarga
duwite mung cukup kanggo sangu mulih. Pak Jono banjur ngiyup ana ing ngisor
wit. Sawise kesele wis rada suda Pak Jono banjur nerusake nggoleki alamate kuwi
mau. Sawise mlaku adoh banget akhire alamate temu. Tibake alamate ana ing
pinggir desa. Pak Jono banjur mlaku menyang omah kuwi.
“Assalamu’aalaikum” salame Pak Jono karo ndodok
lawang.
“Wa’alaikumsalam” semaure ibu karo mbukak lawang.
“Napa leres niki daleme Bu Umi” takone Pak Jono.
“Nggih leres niki daleme Bu Umi. Wonten napa nggih
koknggoleki kula?” takone Bu Umi.
“Niki lho Bu kula wau dhateng pasar nemu dhompet
niki. Napa leres kagnganipun panjenengan?” takone Pak Jono. Banjur dudohake dhompet
sing di temu mau.
“Nggih leres niki dhompet kula.” semaure Bu Umi
banjur ndelok dompet sing di wenehne Pak Jono.
“Matur suwun nggih Pak. Sampun mbalekake dhompet
niki”
“ Nggih sami-sami” semaure Pak Jono.
“Ayo mlebu dhisik dakgawekne ngombe”
“Mboten usah repot-repot Bu kula badhe langsung
wangsul.” semaure Pak Jono.
“Ora repot ayo mlebu dhisik lungguh-lungguh kene
karoleren mestine panjenengan kesel amarga mleku samono adohe”
Pak Jono banjur melbu lan lungguh ing kursi. Bu
Umi banjur menyang pawon nggawekne ombe Pak Jono. Wayah penak-penake lunguh ana
bojone Bu Umi metu saka njero omah. Pak Jono kaget tibake bojone Bu Umi bose
Pak Jono. Pak Jono banjur nyalami bose kuwi mau. Banjur Omong-omongan
wong loro.
“Jon awakmu dakangkat dadi sekretarisku”
omonge Pak Budi.
“Lho kokngoten ta Pak” takone Pak Jono.
Pak Budi banjur crita yen kedadeyan Pak Jono nemu dhompet
ning pasar iki disengaja kanggo ngetes sapa ae karyawane sing pantes
kanggo dadi sekertarise Pak Budi. Sawise Pak Budi cerita, Pak Jono
banjur pamitan mulih arep ngabari kulawargane kedadeyan iki mau.
BIODATA PANYERAT
Jeneng : Nurfa Ainur Rosidah
Alamat : RT 006 RW 001 Desa Sumbergayam
Kec Durenan Kab Trenggalek
Telp : 081333394204
E-mail : nurfa.ainur.9c.20.1415@gmail.com
Sekolah : SMAN 1 Durenan
Tataran : XII IPA 2


Komentar
Posting Komentar