Cerkak BANYU PAWON ISIH SEGER

BANYU PAWON ISIH SEGER
(Dening Sugeng Romadhoni)



            Jam wis nujukake jam 1 isuk, Andi lahi baru mulih dolan karo kanca-kancane. Kaya biasane amarga kewengan Andi ora oleh lawang.
            “Duh, wis ditutup lawange turu emperan wae lah” batine Andi.
            Isih arep mapan, mbake Andi bukak lawang lan nyemantani Andi.
            “Tas ko ngendi wae?” takone mbake Andi.
            “Ngopi” saurane Andi langsung.
            “Wis ndang mlebu kene, ora penak disawan tanggane isuk-isuk turu ngemperean” lanjute mbake Andi.
            “Iya-iya mbak” saurane Andi.
            Banjur Andi langsung mlebu lan lansung mapan turu ing kamare dhewe. Isuke Andi tangi jam 6 isuk, ora nata kamar, ora sembahyang lan langsung adus. Mari adus dheweke gawe seragam lan golek sarapan menyang pawon, nanging ora ana sega ing ngisor tutup sega,
            “Buk segane endi?” takone Andi rada banter.
            “Apa ta le? Isuk-isuk kok wis bengok-bengok?” saurane ibuke Andi karo watuk.
            “Iki segane endi buk?” tegese Andi menyang ibune.
            “Ibuk ora masak dina iki” sumaure ibuke Andi
            “La terus pie iki anggonku sarapan?” takone Andi menyang ibune
            “Iki, sangumu tak tambahi gawe tuku sarapan, mengko aja mulih sore-sore, ngrewangi resiki omah, bapak arep rawuh” jawabe ibuke Andi.
            “Ndeh kene, gampang nek masalah kuwi” saurane Andi datar karo jumuk duite ibune.
            Banjur Andi budhal sekolah tanpa pamitan ibuk lan mbakke, dina iki rencanane bapake Andi mulih saka Kalimantan dadi ibuk lan mbakke Andi resik-resik omah kanggo nyambut bapake teka.
            “Buk…”
            “Ana apa nduk?”
            “Kira-kira bapak piye ya, ngerti Andi malih nakal merga mlebu SMA?
            “Ya muga-muga wae bapak ora nesu nduk ngerti kelakuane Andi”
            “Ya muga-muga wae buk, eh Andi kok durung mulih ya buk? Wis jam 5 padahal?”
            “Ditunggu bae wis buk”
            Dina iki Andi mari pelajaran ora langsung mulih, nanging langsung mara nyang warung kopi langganane, main remi. Ora kaya biyasane dina iki Andi kalah main, akhire Andi mulih jam 7 bengi amarga panggah kalah wae.
            “Yah mene kok lagi mulih? Apa akeh tugas ndek sekolahan?” takone ibuke Andi.
            “Ora” Saurane Andi karo suwara lan raupan sing ora penak.
            Amarga krungu saurane Andi marang ibune, mbakke Andi langsung nyeneni Andi amraga Andi ora sopan marang ibune.
            “Sampeyan kuwi lo ditakoni apik-apik, olehmu nyauri menyang ibumu kok ngono? Ha? Maksudmu kepriye? Takone mbake Andi karo rada banter
            Amarga Andi bocahe kaku, dheweke panggah nyauri mbakke sing nyeneni dheweke, amarga panggah udur, ibune ngendikan
            “Wista le – nduk, aja panggah udur wae. Bapak ora suwi rawuh, aja sampek bapak ngerti lek sampeyan kabeh tukaran”.
            Ora suwi saka udur-uduran kuwi mau bapake Andi teka
            “Assalamualaikum…”
            “Waalaikumsallam” saurane ibuke Andi saka jero omah
            “Owalah bapak sampun rawuh, kene mas gek ndang mlebet” sapane ibune Andi nyang bapake Andi.
            “Iki mau bapak krungu Andi karo mbake tukaran, ana apa ta buk?” takone bapake nyang ibune Andi.
            “Boten wonten napa-napa pak, iki mau Andi mulih rada wengi tapi durung ngomong marang wong omah”
            “Owalah, la sampeyan nyapo ta le kok mulih bengi? Katik ora pamit?” takone bapake Andi menyang Andi.
            “Mau main, gek kalah” saurane Andi nganngo nada datar.
            “Apa le? Sampeyan wani main? Hoalah bapak lunga adoh-adoh muk arep nyekolahne sampeyan ben dadi wong sukses, sukses nganggo cara halal, orang awe cara ngono kuwi!”
            Akhire Andi lan bapake tukaran sampek kedawa-dawa, amarga saking nesune Andi, Andi langsung minggat saka omah. Bapake Andi sengaja ora nututi lan menging ibune nututi Andi minggat saka omah.
            Wis 3 dina Andi minggat saka omah, lan wis 3 dina Andi ora mangan. Dheweke mandhek ing ngarepe warung pinggir dalan, lan nunjuake raupane wong luwe. Ora le suwi sing duwe warung metu saka warunge lan nawani Andi mangan nyang warunge dheweke.
            “Le sampeyan luwe? Lek luwe kene mlebu warungku, santai bae ora usah bayar”
            Tanpa mikir suwe Andi langsung mlebu bareng pak bos sing nduwe warung lan omong karo pak bos.
            “Saestu pak niki mboten bayar?”
            “Iya le, sampenyan kepingin mangan apa? Tak jumukne, nanging sampeyan kudu cerita ngapa kok sampeyang kok sampek keluwen lan tekan warungku iki” saurane pak bos.
            “Inggih pak, kula pecel mawon, kalih es-teh” panjaluke Andi.
            Ora let suwi pak bos njumukne pecel lan es-teh sing langsung diwenehne Andi, Andi langsung mangan. Pak bos warung mung nyawang Andi karo rada mikir-mikir, akhire and iwis rampung olehe mangan.
            “Le sampeyan kok isa sampek tekan kene pie?” takone pak bos warung
            “kula sampek tekan mriki amargi tukaran kalih bapak, ibuk, lan mbak kula pak” saurane Andi karo rada melas
            “Terus saiki sampeyan lek turu ning ngendi le?” takone pak bos meneh.
            “Kula turu wonten cakruk-cakruk pak, kula turune wayah bengi mawon” saurane Andi.
            “Terus perasaane sampeyan nyang wong omah pie le?” takone pak bos warung.
            “Nggih kula taksih pegel pak! Amarga wong ngomah niku mboten srek kaliyan karep kula” saurane Andi karo raupan sing rada mrengut
            “Sampeyan gelem turu warung kene? Nanging karo jaga warung kene? Piye?” takone pak bos nawani panggonan turu menyang Andi.
            “Saestu pak? Kula purun. Matur nuwun sanget pak, kok taksih wonten tiyang ingkang saying kalih kula, padahal wong tuwa kula mawon boten duweni rasa saya kalih kula, kula minggat nggih boten dipadosi” saurane Andi karo rasa bungah
            “Sampeyan salah le, aku aku isih nulungi sampeyan sepisan, isih menehi sampeyan mangan sepisan, isih arep menehi panggon turu. Nanging wong tuwane sampeyan? Wong tuwane sampeyan luwih saka aku le, sampeyan kawit cilik wis didulang, njaluk apa-apa dituruti, kurang pie jal wong tuwane sampeyan” saurane pak bos karo rada ceramah nyang Andi.
            Pas kuwi Andi langsung meneng lan merenung kanggo pengorbanane wong tuwane kanggo dheweke.
            “Lek ancen sampeyan ora pengen nyang omah, sampeyan oleh turu kene. Nanging ana sarate! Sampeyan kudu pamitan marang keluwargane sampeyan” tambahe pak bos
            “Inggih pak, matur nuwun pengarahane. Kula badhe wangsul rumiyin” saurane Andi karo mesem. Banjur Andi pamitan karo pak bos sing nduwe warung kuwi mau
            Ing dalan Andi mikir apa bae sing wis diwenehne wong tuwane menyang dhewekekawit cilik sampek saiki, lan oran krasa amarga mlaku karo mikir dheweke wis tekan ngarep omah.
            Dheweke ndodhok lawang omah lan ngucapne salam
            “Assalamualaikum…”
            Lawang langsung dibukak karo bapake, lan disauri kanthi mesem
            “Waalaikumsallam le..”
            Andi mbrebes lan langsung ngerangkul bapake lan langsung muni “Matur nuwun pak, buk, mbak”
Wiwit kedadean kuwi Andi langsung berubah dadi bocah sing apik lan ora nakal-nakal meneh.


DATA PANYERAT

Jeneng             : Sugeng Romadhoni
Alamat            : RT.40/ RW.10, Ds.Malasan, kec.Durenan, kab.Trenggalek
Telepon           : 081216025202
Email               : Rohmadhanisss@gmail.com
Sekolah           : SMAN 1 DURENAN TRENGGALEK
Tataran            : XII-IPA 2 / Urut kaping 34


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak GANDANE TEMPE BOSOK

Cerkak FILM

Cerkak MURUNG PEPINGINAN