Cerkak CAKRA MANGGILINGAN



  CAKRA MANGGILINGAN
(Dening : Dita Ayu Eka Saputri)

Sore iku, Surya mulih saka kantor banjur mampir ning warung pinggir dalan. Nalika nunggu pesenan, ana bocah cilik nawani dagangan.
            “Pak gorengan pak?”
            “Ora dhik, aku maeng wis pesen sega.”
            Banjur bocah mau ngalih nawani wong-wong ing sekitar warung. Surya nyawang bocah mau sing panggah ngalor ngidul nawani dagangane marang wong liya nanging panggah ditolak.
 Pesenane Surya wis teka, banjur dheweke mangan pesenane maeng. Sawise mangan, Surya ditekani bocah cilik mau maneh.
“Pak gorengan pak?”
“Ora dhik, aku wis warek.”
Banjur bocah mau ngalih maneh, lan Surya golek angkot gawe mulih ning omahe. Nalika Surya mulih, bocah cilik mau isih ngalor ngidul nawani dagangane. Kanthi sore dagangane bocah mau dereng entek.
Bocah mau mulih kira-kira jam limanan. Sadurunge mulih, bocah mau mampir menyang omahe bu Sari, yaiku ibu sing nduweni dagangan. Banjur dheweke salam lan salim marang bu Sari.
“Assalamu’alaikum buk.”
“Wa’alaikumsalam, kok jiktas bali ta Al?”
“Inggih buk, dagangane dereng telas.”
“Ya wis ora apa-apa, gek pira olehe?”
“Namung sakedhik buk, niki yatrane,” bocah mau banjur nyerahake dhuwit marang bu Sari.
“Iki bageyanmu Al, sesuk mulih sekolah mrenea maneh.”
“Inggih buk, matur suwun.”
Sawise kuwi bocah cilik mau mulih ning omahe dhewe.
“Assalamu’alaikum”
“Wa’alaikumsalam, ealah Ali ta?”
“Inggih buk. Buk niki yatra saking dagangan wau, panjenengan damel mundhut uwos.”
“Matur suwun ya le, iki dhuwit gawanen sangu sekolah sesuk.”
“Inggih, matur suwun”
Banjur dhuwit kuwi maeng ning Ali dilebokake menyang celengan. Sesuke sawise mulih sekolah Ali dagang gorengan maneh. Ndilalah Surya enek ning panggonane Ali dagang. Ali nawani Surya dagangane.
“Pak gorengan pak.”
“Ora dhik matur suwun.”
Surya banjur mampir ing warung pinggir dalan. Nalika Surya mangan, dheweke weruh Ali nawani dagangan marang ibu-ibu ing njaba warung.
“Buk gorengan buk.”
“Ora le, yoalah le awakmu ki sek cilik kok wes kerja wong tuwamu ki ing endi? Iki dhuwik gawenen sangu.”
“Nuhun sewu buk, kula dhateng mriki sanes dados pengemis, yatra niki mboten saged kula tampi.”
            Banjur Ali ngalih saka kana, dheweke nawani dagangan marang wong liya sing liwat utawa wong sing lagi santai sore iku. Sawise Surya mangan banjur dheweke nekani Ali.
            “Dhik, gorengane isik?”
            “Taksih pak,wonten tempe goreng, tahu isi, lan ote-ote. Panjenengan badhe mundhut napa?”
            “Tempe goreng lan tahu isine Rp.3000,00 dhik.”
            “Inggih pak sakedap.”
            Nalika Ali njupuk gorengan gawe Surya, Surya takon marang Ali.
            “Dhik, aku maeng weruh enek ibu-ibu menehi dhuwik ning awakmu, nyapo kok ora koktampa.”
            “Lha ibu niku menehi yatra dhateng kula sanes damel mundhut dagangan kula, nggih mboten kula tampi.”
            “Kena apa dhik.”
            “Kula dagang damel pados rezeki kang halal, kang yatranipun saged mbiyantu ibuk. Yen kula tampi, sami mawon kula dados pengemis.”
            “Awakmu ki isih cilik kok wis mikir golek dhuwit, apa ora sekolah?”
            “Inggih sekolah pak, niki kula nyambi. Nanging kula nggih tetep ngutamakake sekolah, amargi kula kagungan cita-cita kang ageng, dados damel mujudake cita-cita niku kula mempeng sinau lan nyambut damel.”
            “Isih cilik omonganmu kokdhuwur yoan.”
            “Inggih pak, niki gorengane.”
            17 taun sawise kuwi Surya wis dadi Manager ing kantore. Esuk iku dheweke enek rapat karo dhirektur restaurant sing terkenal isih enom nanging sukses. Dheweke rapat ing panggonane dhirektur mau amarga dhirektur iku repot. Banjur iku rapat diwiwiti, dhirektur restaurant teka, nalika dhirektur iku miwiti rapat Surya kaget banget, Surya kenal karo dhirektur iku. Amarga iku sawise rapat Surya nekani dhirektur iku.
            “Nuhun sewu pak.”
            “Inggih pak, wonten punapa pak.”
            “Kula badhe ndherek tangklet, sampeyan punapa ngertos kula?”
            “Sinten nggih?”
            “Kula riyin nate panggih panjenengan. Panjenengan punapa nate sadeyan gorengan?”
            “Inggih pak, panjenengan ngertos saking pundi?”
            “Kula nate tumbas sadeyane panjenengan lajeng kula kagum kaliyan pituture panjenengan nalika riyin kula kaliyan panjenengan panggih. Bibar niku kula semangat nyambut gawe ngantos kula dadi Manager kantor.”
            “Mila ta pak?”
            “Inggih pak, kula nggih mboten ngira menawi panjenengan nggih sukses sakniki.”
            “Alhamdulillah menawi omonganku saged dados motivasi kagem panjenengan.”






Jeneng             : Dita Ayu Eka Saputri
Alamat            : Rt.31 Rw.09 Ds.Ngadisuko Kec.Durenan Kab.Trenggalek
Telp.                : 085731700412
E-mail              : ditaa68AES@gmail.com
Sekolah           : SMA Negeri 1 Durenan
Tataran            : XII IPA 2 urut kaping 08


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak GANDANE TEMPE BOSOK

Cerkak FILM

Cerkak MURUNG PEPINGINAN