Cerkak JEMBATAN LAYANG
JEMBATAN LAYANG
(dening
Alfina Fikri Nabila)
Donyane isih peteng. Swara adzan Subuh isih
kumandang sawetara menit kepungkur. Adheme kahanan kang tumusuk ing balung, kang
tumancep ana ing ragane bocah lanang sing lagi lungguh ana gubuk reyat sing
kaya-kaya ora anduweni nyawa.
“Rud, arep mangkal menyang endi awake dina iki?”
pitakone bocah ireng karo ringkes-ringkes barang dagangan.
“Ora ngerti jal” wangsulane Rudi banjur nglebokake
sirahe ing bantal sing ora karuan rupane. Pancen akeh masalah sing munyer ing
sirahe. Kaluwarga, kanca, lan gegayuhane. Arep digawa menyang endi kabeh kuwi
mau?
“Aku krungu yen ning etan ana proyek, njo budal!”
ujare Rijal kanthi semangat.
“Aku lemes Jal, kowe maranaha dewe!” mbalik nutup
sirahe karo guling.
“Halah, kowe ki pancen bocah malesan. Ayo cepet
ringkesana barang-barangmu!” Rijal gumun karo sikape kancane kuwi.
Akhire Rudi ngadek lan melu nyiapake barang dagangan
sing arep didol.
Ing saben dalan, Rudi mung meneng wae. Ora ana sing
kudu dipendhem, pancen wes ngene kahanane, kanyatan iki menehi kepahitan lan
kasengsaran marang bocah loro iki. Dadi pedhagang asongan ing saben dalan,
kanthi asil sing ora sepira, manggon ing papan sing wus dianggep kota mati.
“Menawa biyen aku lahir saka kaluwarga sing sugih,
aku bisa tuku dolanan robot-robotan sing dipajang ana toko gedhe kae lan mesthi
aku bisa sekolah ana gedhung mewah iki” ujare Rijal karo nyawangi gedhung ing
saben dalan.
Rudi amung mesem karo ngrungokake kanca
saperjuangane kuwi. Mbayangake menawa kaya mangkono tenan. Nanging sepisan
maneh, iku amung khayalan sing ora sanggup dheweke tuku.
“Uwis lah, aja ngawur, awake iki amung pedhagang
asongan sing ora mungkin bisa mabur ing khayalanmu kuwi!” wangsulane Rudi cekak.
“Lahhh, kuwi rakya omonganmu di? Kan kowe dewe sing
omong menawa awake bisa ngolehake kabeh kuwi mau kanthi cara usaha, iya ta?”
pitakone Rijal maneh.
“Lalekna ae omonganku biyen kuwi, pendhemen ae ing
alas kana Jal!” semaure Rudi karo sorot mripat anyel.
Ora krasa yen cah loro wis teka papan panggonan.
“Ya wis, aku tak dodolan ning sekitar toko kae”
ujare Rijal.
“Aku arep dodolan ning kene wae lah” wangsulane Rudi
cekak.
Akhire bocah loro pisah lan janjian bakal ketemu
maneh ing bangjo nalika wus ngancik sore.
Rudi mlaku ing saben dalan karo nawakake dagangane.
“Toyane Pak, Buk! Korane nggih wonten!”
Ora ana sing nyaut swarane, amung geger swarane
montor lan mobil sing bisa dirungokake. Mripate amung bisa ngarep-ngarep wong
sing liwat ing ngarepe. Disambi dodolan, ora sengaja Rudi weruh gadhis cilik
karo wong lanang gedhe dhuwur.
“Wis dikandhani bolak-balik isih ae ora ngerti,
he!?” pitakone wong lanang iku karo muring-muring, nggepuk, lan nggeret rambute
bocah kuwi.
Gadhis cilik iku amung bisa ndhengkluk karo nangis.
Nalika wong lanang iku wis ngalih, Rudi enggal cepet-cepet marani gadhis iku.
“Dhik, ana masalah napa ta? Wong lanang wau napa
bapakmu?” pitakone Rudi dibarengi atine kang kaya-kaya arep cepot.
“Uduk mas, kae uduk bapakku. Aku amung anak asuhe.
Aku kerja ngemis kanggo dheweke. Saben dina, aku menehake dhuwit asil ngemis
kanggo dheweke. Dheweke dudu wong ala. Nanging, sipate ae sing kaya wong ala.
Seneng muring-muring. Nanging dheweke wis gelem ngopeni aku nganthi semene”
“Sampean duwe nasib apik mas” sambunge bocah kuwi.
“Nyapo kowe kok isa omong ngono?” pitakone Rudi.
“Sampeyan isih duwe omah, kaluwarga, kanca bahkan
sampeyan isih duweni gegayuhan”
“Lha emange kowe apa ora duwe?” pitakone Rudi sareh.
“Aku ora duwe sapa-sapa, wong tuwaku wis seda nalika
aku isih cilik, aku ya ora duweni pengarepan apa-apa amarga umurku ora bakal
suwe” wangsulane bocah iku dibarengi karo eluh kang tumetes ing pipine.
Rudi amung bisa meneng ngrungokake critane.
“Sampeyan percaya mimpi kan mas? Mimpi iku amung
prasaja nanging kuwat banget. Ora ana gunane yen awake ora wani mujudake. Hehe,
kuwi mau kata-kata bijak kan?” pitakone bocah kuwi karo mesam-mesem.
“Enek polisi….! Enek polisi….! Swarane para pengemis
lan pedhagang pada mlayu mrana-mrene. Rudi sing kaget weruh kahanan kuwi
langsung melu mlayu bareng liyane. Ketarane ana bocah akeh sing kecekel.
Dheweke amung bisa ngarep muga-muga kancane ora kecekel.
“He….! Mandhek kowe….! Mandhek …..! swarane salah
siji polisi. Swara iki teka maneh. Swara kang gawe atine Rudi pedhot, kang gawe
pikirane pecah.
Sawise mlayu adoh lan rumangsa aman, Rudi mutusake
kanggo leren. Karo menggeh-menggeh, eluhe tumetes amarga wedi yen kanca uripe,
Rijal, kecekel polisi. Akhire Rudi mutusake kanggo goleki Rijal.
“Gubrakkkk!!” swara saka etan. Rudi kaget. Ketarane
ana tabrakan ing sebrang dalan kana. Atine tambah miris krungu kedadeyan kuwi.
Wong-wong sing awale repot dhewe-dhewe pada mara menyang panggonan kuwi mau.
“Sapa ya sing ngalami tabrakan kae mau?” ptakone ing
jero ati karo sikile kang lekas jangkah ing panggonan.
“Eh, aku kan kudu goleki Rijal. Ya wis lah, mending
aku nerusake lakuku!” gremenge maneh.
Nalika wis arep mlaku maneh, atine panggah kepingin
ngerti tabrakan kae mau, sikile kaya-kaya abot kanggo jangkah, mripate uga
tansah pinuju ing sebrang dalan. Akhire rudi pilih menyang panggon tabrakan kae
mau.
“Kayane ana sing ninggal?” pitakone salah siji
uwong.
Akhire Rudi nyedhek lan “Astaghfirullah!” getih
mblambang teka ngendi-ngendi. Tibake sing ketabrak iku sang malaikat cilik sing
ditemoni mau. Rudi nangis weruh kedadeyan kuwi.
Akhire polisi teka kanggo ngevakuasi. Rudi amung
bisa ngadek jejeg karo nangis.
“Rud, ana tabrakan to? Swarane Rijal saka mburi
pundhake.
“Heh, kowe saka ngendi wae? Tak goleki kawet mau!”
“Hehe, aku mau ndhelik ing pojokan kana.” Semaure
karo pringas-pringis.
“Ya wis ayo mulih!” sambunge Rijal.
Akhire bocah loro mulih. Ing dalan, Rudi tansah
kepikiran. Dheweke ora nyangka yen bocah kae mau bisa omong kaya mengkono.
Dheweke sadar yen selama iki mimpine kebungkus kekhawatiran sing diwedeni
atine. Dheweke uga sadar yen kudu bersyukur amarga bandha nyawa iku kagungane
Kang Kuwasa.
BIODHATA PANYERAT
Jeneng : Alfina Fikri Nabila
Alamat : RT 23 / RW 09, Kendalrejo,
Durenan, Trenggalek
Nomer HP : 082132610484
Email : alfinanabila@gmail.com
Sekolah : SMAN 1 DURENAN
Tataran : XII-IPA 2 / Urut kaping 03


Komentar
Posting Komentar