Cerkak KUPU-KUPU
KUPU-KUPU
(Dening Yuvita Widiasari)
Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda semangate Pak Sutar kanggo dodol sayur menyang pasar. Senadyan gawean iku abot, nanging Pak Sutar ora tau ngresula.
Pak Sutar saiki mung urip karo anake wadon loro sing siji isih sekolah kelas 3 SMA. Pak Sutar ditinggal bojone wis rung taun suwene, amarga bojone Pak Sutar wis seda. Kuwi uga dadi pawadan Linda, anake wadon nomer loro ngrewangi Bapake dodol menyang pasar.
Pak Sutar biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Linda saben dina ngrewangi Bapake nggawa dagangane menyang pasar, amarga dagangan sing digawa ora mung sayur, uga klapa lan liya-liyane bumbu pawon.
Sawise ngeterake dagangan, Linda bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Linda kalebu bocah sing pinter lan sregep, saengga Linda bisa sekolah ing SMA sing mutune apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten, yaiku sekolah SMAN 1 Durenan
Dina iki, dagangane Pak Sutar lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng. Wektu iki Linda lagi butuh dhuwit kanggo tuku buku lan mbayar SPP. Pak Sutar mung bisa sabar ngadhepi kahanan kaya kuwi lan ngupayakake golek dhuwit saka penggawean liya sing bisa disambi dodol sayur .
Saben dina, Pak Sutar kondur saking pasar jam loro awan. Nalika Pak Sutar teka ngomah, Mbakyune Linda yaiku Ana, mbiyantu Bapake ngukuti dagangane saka sepedhahe. Sabanjure Bapake lungguh dhelog-dhelog, Ana ngarasa welas.
"Wonten napa ta Pak, Panjenegan sajak kathah pikiran?"
"Aku tansah mikir, Adhikmu saiki lagi butuh dhiwit kanggo mbayar menyang sekolahan".
Tekan ngono mripate Ana wiwit kumembeng eluh, nanging dheweke ora bisa menehi apa-apa.
"Sampun mikir Pak, aku bakal mbiyantu Bapak pados yatra kanggo sekolahe Linda."
"Ora mikir kepriye lo Ndhuk, yen kaya mangkono. Sapa sing arep di sambati Adhikmu."
Mangkono, Ana banjur mikir golek penggawean supaya bisa mbiyantu Bapake ngragati Adhine.Saben dina, sawise mulih sak paaar Pak Sutar banjur nggawe reyek adhah iwak saka pring kanggo di setorake menyang bakul iwak. Penggawean iku mau dilakoni supaya dheweke nduweni tambahan pengahasilan saben dinane.
Sakliyane kuwi, yen wayah bengi Ana lan Linda, nggawe es kanggo di titipake menyang cedhak omahe. Nanging asile ya panggah durung bisa jangkepi kebutuhan saben dinane.
Klunthing!!! Dakdelok pranyata hapeku sing muni, ana pesan ing hapene Ana saka kancane.
"Ana, dhewekmu apa gelem nyambut gawe ing warung es ing omahku?"
"Ya, aku gelem". Wangsulane Ana cekak.
"Yen dhewekmu siap, sesok dhewekmu bisa miwiti."
Ana ora mikir dawa, dheweke banjur nyanggupi tawanane kanggo nyambut gawe.
Sabanjure, Ana ngomong marang Bapake yen dheweke arep nyambut gawe ing warung.
"Pak, Aku sesok arep miwiti nyambut gawe ing warung es"
"Ana ngendi kuwi panggone, Ndhuk?"
"Ana ing omahe kancaku Pak. Dheweke sing nawani aku penggawean kui mau."
"Ya wis Ndhuk, menawa dhewekmu wes manteb marang penggawean kui mau, lakonanaa kanthi tanggung jawab".
"Inggih Pak".
Ora suwe maneh, Linda lulus SMA. Dheweke kepingin kuliah, nanging dheweke nyambut gawe dhisik karo mbiyantu Bapake dodol sayur menyang pasar. Sawise lulus SMA, Linda nglamar penggaweyan menyang toko klambi. Lan dheweke budhal jam pitu esuk nganti jam sanga bengi.
Esuke, Linda sakdurunge nyambut gawe , dheweke mesthi ngrewangi Bapake menyang pasar dhisik. Dheweke wiwit saiki sregep nyambut gawe. Amarga dheweke kepingin banget kuliah kanggo mujudake apa sing di kepingini lan bisa ngangkat drajate wong tuwane.
Dheweke tansah ngabekti marang Bapake. Dheweke nglakoni urip kaya kupu-kupu. Sabar ngenteni uler nganti dadi kupu. Mula kita kudu mensyukuri akeh sithik rejeki kang di wenehake Gusti marang kita.
Biodata penyerat
Alamat : RT.02/RW.01, Dusun Soko Kulon, Desa Karanganyar, Kec. Gandusari, Kab.Trenggalek, Kode Pos : 66372
Telp. : 082231335082
Email : yuvitawidiasari@gmail.com
Sekolah : SMAN 1 Durenan, Trenggalek

Komentar
Posting Komentar