Cerkak ORA NGIRA
ORA NGIRA
(Dening : Reni Anggraini)
Krik, krik, krik
Wengi iki langit katon sepi tanpa
lintang, kaya kahanan ing sawijining omah ing pinggir kutha Surabaya.
“Wis yahmene ndhuk Vira kok durung bali ta ya, ya.”
Ora suwi anggone Pak.Supri ngomong,
“Assalamu'alaikum.”
“Waalaikumsalam, alhamdulillah wis bali ndhuk, saka
ngendi wae ndhuk, kok tas bali, bapak kuwatir.”
“Kula wau kelompokan pak, saniki kula badhe siram
banjur tilem.”
Kawit mlebu SMA, saben dinane Vira
kaya mangkana kuwi, seneng mulih wengi lan ora pamitan yen ana kegiyatan
sekolah. Nanging Pak.Supri tetep sabar ngadepi anake kang saya suwi saya ilang
tata kramane marang wong tuwane.
“Pak kula nyuwun yatra damel sangu kaliyan bayar
ojek!”
“Ayo Bapak terne wae, numpak becake Bapak, hemat tur
nggawe bungah Bapak.”
“Kula mboten purun, kula mlampah mawon.”
“Lha nyangapa kok ngono ta ndhuk?”
“Kula isin pak, yen kanca-kancaku meruhi menawi aku iki namung anake tukang becak.”
Wangsulan
iku nggawe ati Pak.Supri lara, kahanan isuk sing samestine semangat malih dadi
rusak. Senajan Pak.Supri gela namung tetep ditampa kanthi ikhlas ati.
“Duh gusti kena
apa kahananku kaya ngene, urip mlarat lan nduweni Bapak tukang becak.”
Vira
katon mbesengut nyawang kahanan isuk ing sekolah. Kanca-kanca pada diterne numpak
sepedha montor lan mobil, padha nggawa sangu akeh lan nggawa Hp.
“He Vir,
dongaren mlaku?”
“Iya San,
kepengen mlaku ae dina iki.”
“Ayo ning kantin
Vir, tumbas jajan.””
Senajan
Vira kepengen, nanging dheweke nolak ajakane Santi amarga dheweke ora sangu
akeh.
“Sampeyan ae,
aku ora, aku nggawa bekal.”
“Wah, sampeyan
ning omah dicepaki sarapan, digawani bekal ya ning Bapakmu?”
“Iya san.”
Ing
wayah ngaso, Santi sing kepengen bekale Vira, mlayu menyang bangkune Vira.
“Vir, aku
kepengen nyicipi bekalmu, oleh?”
“Oleh San, tapi sampeyan
paling ya ndak demen, lawuhku mung tempe, ora kaya sampeyan lan liya-liyane
sing maem e enak-enak.”
“Ora apa-apa
vir, tempe iku kan ya enak.”
Wangsulan
santi isa nggawe adem atine Vira, banjur Santi nyicipi bekal seng digawa Vira.
“Hmm, aku jan kepengen kaya sampeyan Vir.”
“Apa sing kok
miliki saka aku San, aku ora nduwe apa-apa.”
“Ya kaya ngene iki
Vir, sampeyan digatekna nyang Bapakmu.”
“Lha sampeyan
yen kepengen apa-apa lo mesthi keturutan kayata hpmu sing mesthi anyar San.”
Pancen
bener apa wae sing dipengeni Santi mesthi diturtuti wong tuwane, nanging sing
dimaksud Santi ora kaya ngono.
“Aku pengen
digatekna kaya sampeyan, bapak lan ibuku padha sibuk dhewe-dhewe.”
“Iku kan ya
kanggo masa depanmu San.”
“Iya, tapi wong
tuwaku nilai, yen kasih sayang iku isa diganti karo dhuwit.”
Ing
tengah-tengah jagongan, Hp ne Santi muni, Santi banjur pamit ngangkat telfon
iku. Vira mesthi isin dhewe yen wayah ngaso akeh kanca-kancane sing dolanan Hp,
ora kaya dheweke. Minggu-minggu iki Vira terus-terusan nyuwun Hp nyang bapake, tapi
durung dituruti.
“Pak, kapan aku
isa nduwe hp?”
“Sing sabar
ndhuk, Bapak durung nduwe dhuwit akeh.”
“Pokoke aku kepengen
enggal-enggal gadah hp Pak.”
Mergo
tresnane marang Vira gedhe, Pak.Supri saya giyat nggayuh becak, malahan Pak.Supri
uga nyambi panggawe liya yaiku dadi tukang kebun. Ing sawijining bengi, Vira nyampekake kekarepane sing uga kepengen nduweni laptop, amarga tugas
ing sekolah saiki pangerjaane ning laptop.
“Mbok ya, aku
ditumbasne laptop ta Pak, cah sekolah
saiki ki kudune nduweni laptop Pak.”
“Iya ndhuk,
mengko lek wis nduwe rezeki akeh.”
Saben
dinane Pak.Supri banting tulang kanggo nuruti kekarepane anake, Pak.Supri
kepengen nyawang anake marem. Nanging Pak.Supri ora merhatekna kesehatane,
masiya dheweke lara Pak.Supri tetep panggawe kaya biasane.
Ing
sawijining dina, Pak.supri nyiapake sakabehe ning kamare Vira sadurunge budal
becak. Nanging, ora ana tanda apa-apa, Pak.Supri kena musibah. Bruakkk…… wong liwat ngrubung nulungi,
banjur digawa ning Rumah Sakit. Vira sing dina iki mulih isuk amarga ana rapat
langsung bali, satekane omah Vira meruhi hadiah ing kamare lan ana surat cilik
kang katulis sugeng ambal warsa ndhuk, durung cukup anggone Vira bungah,
“Ndhuk Vira, Bapakmu
ndhuk, ndhuk.”
“Ana apa Bulek?”
“Bapakmu
kecelakaan, saiki ana ing Rumah Sakit, susulen mrana ndhuk!”
Vira
langsung lemes krungu iku, dheweke ora percaya.
Vira pancen kepengen Hp lan laptop
kaya kancane, nanging dheweke ora pingin yen mergo kuwi dheweke kelangan Bapak.
|


Komentar
Posting Komentar