Cerkak OYOT GEDHANG
OYOT GEDHANG
(Dening Himmatus
Sholikhah)
Lintang kelap – kelip lan rembulan
sumunar, padhang jingglang. Kahanan omah tansah sepi, mung ana swara jangkrik
ngerik. Raras isih nglamun ing teras,pikirane nrawang.
“Ndhuk, apa wis nggarap PR? Kok sajake dhangang
lungguh ing kono.” Takone bapake mbuyarake lamunan. “E, dereng Pak” semaure
kanthi cengingisan. “Ya ndang digarap kana, mengko yen wis jam 10 listrike mati
lo” prentahe Bapake. “ Inggih, Pak” semaure sinambi mlebu omah.
Raras amung urip karo bapake. Uripe
sarwa kacingkrangan. Omahe cilik tur reyot, mung oleh saluran listrik wiwit jam
papat sore nganti jam sepuluh bengi. Bapake, yaiku Pak Darminto mung dadi buruh
tani lan kuli bangunan. Wiwit cilik Raras durung weruh ibune. Bapake crita yen
ibune wis seda wektu nglairake dheweke. Mula saka iku, dheweke trenyuh yen
ndeleng kancane sing bisa diopeni ibune. Nanging dheweke isih bisa syukur,
Bapake tresna banget marang dheweke.
“Pokoke
aku kudu bisa sukses, bisa nggawe bungah Bapak” tekade Raras sing njalari
dheweke sregep sinau. UN SMA wis kurang
sesasi, mula Raras tansah sregep sinau amarga dheweke kepingin kuliah. Pak
Darminto bungah lan trenyuh meruhi tekade Raras.
Dina gumanti. Esuk – esuk Raras nglakoni
penggaweyan kaya biasane. Nyapu, masak, lan nyepakake kanggo sekolah. Dheweke
budhal sekolah jam setengah pitu sinambi nitipake dagangan arupa cilok goreng
ing toko ngarep SD. Dheweke laku prihatin kanggo mbiyantu Bapake ngragati
sekolah.
Ing sekolahan, kancane Raras amung bocah
thithik amarga kahanane dheweke sing ora nduwe lan ora gaul kaya bocah liyane.
Nanging isih ana Fani sing wiwit SD nganti SMA tansah setya ngancani.
“Ras, sasi ngarep wis prompt night lo. Kowe apa wis nyepakake
klambi abang sing cocok karo dress code
?” takone Fani.
“Durung. Aku ora mikirne prompt night, Fan. Ora nduwe dhuwit. Aku
malah mikir asile UN lan SNMPTN.” semaure Raras. “O, iya ya Ras. Eh, kowe yakin
arep kuliah ing Surabaya ? Ragate akeh lo, Ras.” pitakone Fani.
“Aku yakin, senajan kahananku kaya ngene
nanging yen aku gelem ihtiar aku yakin yen bakal sukses.”semaure Raras. “Sip.
Pancen kancaku tenan iki, muga – muga sukses,Ras.” kandhane Fani sinambi njotos
pundake Raras. “Amiin” semaure Raras kanthi mesem.
Ora krasa, dina sing dienteni wis
tumeka. Raras ngejak bapake menyang sekolahan kanggo nampa pengumuman SNMPTN. Dheweke
ndhredheg, wedi yen ora ketampa ing PTN.
Wayah ndeleng pengumuman kang
ditemplekake ing papan, dheweke uyel – uyelan. Ana sing nangis amarga ora
ketampa, ana uga sing lunjak –lunjak amarga marem yen ketampa ing PTN. Kahanan
mau tansaya nggawe ndhredheg. Nanging wektu maca yen dheweke ketampa ing PTN,
Raras langsung lunjak – lunjak saking bungahe.
“Pak, aku ketampa, Pak !” jerite kanthi
bungah. “Alhamdulillah” kandhane bapake. Sawise nampa surat saka kepala
sekolah, Raras lan Pak Darminto langsung mulih. Bungah rasane yen mbayangne
kepriye kahanane mahasiswa ing
perguruan tinggi. “Aku arep nggolek beasiswa
supaya ora kabotan anggone ragat kuliah.” tekade Raras ing batin.
Sesasi sawise pengumuman, Raras budhal
kuliah menyang Surabaya. Kanthi nekad, dheweke budhal ing stasiun diterake
bapake. Abot rasane ninggalake bapake sing wis sepuh. “Pak, aku budhal. Aku
nyuwun pandongane panjenengan supados saged sukses nggih Pak” pamite Raras
kanthi nangis sesenggukan. “Iya, Ndhuk. Muga – muga kowe bisa sukses. Nanging
aja lali karo bapakmu iki ya, Ndhuk. Kirima warta supaya bapak bisa ngerti
kahananmu ing kana” kandhane bapake. “Inggih, Pak” semaure sinambi mlebu ing
kreta.
Anggone urip ing Surabaya, Raras nemoni
akeh pacoban. Olehe beasiswa isih durung cukup kanggo ragat uripe ing
kana.Wiwit mbayar kos, mangan, ragat tugas lan liya - liyane. Mula, bapake
ngirimi dhuwit sesasi pisan sayuta. Raras uga nyambi megawe paruh wektu ing toko.
Mula saka kuwi, saben dina dheweke repot lan rumangsa ora ana wektu kanggo
ngirim kabar marang bapake. Layang saka bapake amung diwaca lan dibales saben
dheweke butuh kiriman dhuwit.
Dheweke ora rumangsa yen bapake ing kana
rina wengi nyambut gawe lan tansah ngenteni kabare putrine sing ditersnani. Ing
wektu tuwane, Pak Darminto amung bisa ndonga lan ngarep – ngarep kapan baline
anake. Emane dheweke ora bisa nyusul menyang Surabaya amarga ora nduwe dhuwit
lan ora diolehi marang Raras kanthi alasan wedi yen kesasar. Pak Darminto saben
wengi keranta – ranta, ngelingi jaman semana wektu bisa mangan bareng, guyon
bareng, lan tansah bareng ing kahanan susah lan bungah.
Ora krasa wis patang taun anggone
kuliah. Pinuju wisuda, Raras kirim surat menyang bapake. Dheweke kepingin
bapake bisa ndhampingi wisuda. Dheweke uga njaluk menyang bapake supaya bapake
gelem tuku HP kanggo komunikasi. Nanging balesane bapake
agawe kuciwa. Bapake ora bisa ndhampingi wisuda lan ora bisa tuku HP amarga ora ana dhuwit lan luwih seneng maca tulisane Raras, ora mung
ketikan ing HP. Raras mung bisa
pasrah karo kahanan.
Sawise wisuda dheweke langsung kerja ing
perusahaan. Dheweke dadi manager sing
saben dina kudu mlebu kantor, budhal esuk mulih bengi. Nanging gajine gedhe,
bisa kanggo nyelengi lan diwenehake bapake saben sasi. “Ah, alhamdulillah aku
wis sukses. Aku bisa nggawe bungahe bapak menawa bisa golek dhuwit sing akeh
supaya sugih lan ora dirasani tangga – tangga” batine Raras.
Emane, amarga karepotane dheweke saya
lali marang kewajibane ngabari bapake. Layang saka bapake amung ditumpuk ing
meja, ora ana sing diwaca, apa maneh dibales. Dheweke rumangsa ora ana wektu
kanggo maca surat. Luwih – luwih amarga pegaweyan lan pergaulan karo kanca –
kancane sing sarwa wah. Seneng dolan – dolan lan nongkrong.
Limang riyaya ora mulih, Raras rumangsa
kangen banget marang bapake. Dheweke krasa yen wis suwe ora aweh kabar. Dheweke
uga kepingin weruh kepriye kahanan omahe sing wis suwe ditinggalake. Sasi pasa
taun iki Raras nduweni rencana arep
mulih. Dheweke sengaja ora ngabari bapake amarga kepingin nggawe kejutan. Dheweke banjur tuku tiket kreta
lan tuku oleh – oleh kanggo bapake.
Ing njero kreta, dheweke seneng banget.
Nanging dheweke isih rumangsa salah.”Hm, Bapak apa ya sik eling marang aku? Apa
ora nesu yen layange ora dakbales?” batine Raras. Ora krasa, dheweke turu
nganti teka tujuwan.
Sawise kreta teka stasiun, dheweke
langsung mudhun lan nyegat ojeg. Dheweke nggumun, pranyata kahanan ing desane
wis owah. Saya maju lan makmur masyarakate. Teka ing ngarep omah, tangga –
tanggane padha nyawang kanthi sinis.
Raras mung mesem wae. Dheweke isih ndeleng kahanan omahe. Gubug reyot
panggonane mbiyen wis gumanti dadi omah gedhong, nanging panggah sempit kaya
gubuge mbiyen.Omahe katon sepi. Kaya ora ana sing ing njero omah.
“Assalamu’alaikum, Pak.”
“Waalaikumsalam, mangga mlebet”semaure
Pak Darminto saka njero omah.
Raras langsung mlebu omah. Dheweke kaget
meruhi Bapake sing lumpuh ing kursi rodha. Luh netes ing pipine. Raras langsung
sungkem marang bapake. Dheweke krasa dadi bocah kang durhaka.
“Pak, aku wis dadi anak kang paling durhaka. Aku ora pantes di wenehi
pangapura” tangise sesenggukan.”Aja nangis Ndhuk, sliramu iku tetep dadi
putriku sing paling daktresnani, sliramu dudu bocah sing durhaka . Bapak wis seneng meruhi kahananmu sing sukses, ora kaya
mbiyen sing sarwa susah” kandane bapake.
“Lha Bapak nglampahi pendamelan kanthi
kahanan mekaten, kula malah mboten ngertos,lan malah mboten mbaturi Bapak ing
mriki . Pak, punapa Bapak kok mboten ngabari kula menawi panjenengan lumpuh? Lanjeng
sinten ingkang ngurusi Bapak wonten mriki,Pak?” takone Raras kanthi rasa luput.
“Ndhuk, Bapakmu iki wis tuwa. Bapak ora
pingin ngrepotake wong liya. Apa maneh nyusahake sliramu. Bapak isih bisa
tandang gawe senajan kasusahan. O iya, delengen kamarmu !” prentahe Pak
Darminto menyang Raras sinambi muter kursi rodhane pinuju kamar.
Raras kaget tur trenyuh. Jebulna ing
kana cumepak gaun prompt night, laptop,
HP, lan barang kang dipinginake Raras mbiyen jaman SMA sing ora ketekan.
Dheweke langsung ngrangkul Bapake
“Ndhuk, sepurane. Iku barang kang
kokpinginake rikala semana durung bisa dakwujudake. Nanging Bapak wis bisa
nukokake telung taun kapungkur rikala sliramu isih kuliah”kandhane bapake
kanthi lirih.
Raras keranta – ranta. Pranyata
katresnan lan welas asihe bapak marang anak iku gedhe banget.Senajan anake wis
nglarani, wong tuwa mesthi aweh pangapura. Kaya oyot gedhang sing lila manggon
ing ngisor kanggo nuwuhake woh kang legi, senajan sara lan kudu rekasa tanpa
ngarepake piwales.
BIODATA PANYERAT
Jeneng :
Himmatus Sholikhah
Alamat :
RT 09 RW 04 Desa Durenan, Kecamatan Durenan,
Kabupaten Trenggalek
No. HP :
0838 4651 1985
Email :
himmahimoo@gmail.com
Sekolah :
SMAN 1 Durenan
Tataran :
XII IPA 2 / urut kaping 12


Komentar
Posting Komentar