Cerkak SRENGENGE ESUK
SRENGENGE ESUK
( Dening Siska Yuliantika )
( Dening Siska Yuliantika )
Sore iku ing emperan omah Ratri
tansah susah, dheweke kepikiran kedadeyan awan mau, nalika dheweke kapethuk
kanca lawase ing kantore.
“
Lho.., Sampean apa Ratri kancaku nalika isih SMA ta?” Takone Laras kanca lawase
Ratri.
“
Inggih, Laras ta niki? Lha ana apa sliramu tekan kene? Apa arep nglamar kerja
menyang kantorku?” Timpale Ratri
“
Ohh.., Sliramu kerja ing kene ta? Aku menyang kene ora arep nglamar kerja,
malahan aku arep ngenekake kerjasama karo kantormu, amarga ing kantorku ana
proyek pembangunan gedhen-gedhen tahun iki.”
“
Iku perusahaanmu dhewe ta?”
“
Ya ora lah.., iku kantore rencange Bapakku, aku ing kene amung mimpin bae, bisa
diarani CEO.”
“CEO?”
Timpale Ratri kang kaget banget.
“
Iya, kena apa ta sliramu tansah katon kaget banget? Lha sliramu, jabatanmu ing
kene dadi apa ta?”
“Oh..aku?
aku ing kene amung dadi Sekertaris bae, Alhamdulillah
sliramu wis bisa dadi wong sukses lan ora nyana kita bisa kapethuk maneh.”
“
Iya Alhamdilillah. Ya wis, aku ora
ana wektu maneh iki kanggo ngobrol, aku kudu cepet-cepet nemoni Direkturmu.”
Timpale Laras karo cepet-cepet mlayu ngaleh.
Ratri
ing kono amung meneng kaya patung, dheweke isih durung bisa percaya marang
kahanan kanca lawase.
Laras
yaiku kanca saperjuangane Ratri nalika isih SMA. Senadyan bisa diarani ora
cedhak nanging Ratri ngerti kepriye kahanan sabendinane Laras. Laras bisa
diarani bocah kang ora pinter-pinter banget ing sekolahane. Ngenani prestasi
dheweke mesti entuk prestasi sangisore Ratri. Kang dadi pambeda yaiku Laras saka
kulawarga kang kacukupan banget, dene Ratri saka kulawarga kang pas-pasan
Amarga
kedadeyan awan kuwi, Ratri tansah bingung mikirake kahanane. Saka omah Bu Minah
nyedaki Ratri kang katon susah.
“ Ana apa ta Ndhuk sajake kok susah
temen?”
“
Niki lho Buk, Ratri tansah kepikiran kahanan awan wau ing kantore Ratri.”
“
Lho.. ana apa? Sliramu ora geneya ta? Sliramu apa didukani Bosmu? Sliramu apa
tumindak sembrana?” Takone Bu Minah nganti runtut.
“
Mboten ngoten Buk, Ratri kapethuk kanca lawas ing kantor. Kang dadi pikiran,
kena apa kula kok mboten saged luwih sukses tinimbang kanca kula kang bisa
diarani mboten pinter-pinter sanget tur mboten sregep nalika sekolah mbiyen.”
“
Lha kancamu iku saiki dadi apa?” Pitakone Bu Minah
“
CEO Buk, niku pangkate luwih dhuwur tinimbang kula ingkang amung dados
Sekertaris biasa.”
“
Lho.. Sliramu ora usah mikir tekan semana, rejeki iku wis diatur marang Sing
Kuasa.” Tuture Bu Minah
“
Ratri nggih ngertos niku, nanging kirang napa usahanipun Ratri? Tiyang ingkang
usahane mboten pedhot-pedhot, angsal kahanan ingkang ngeten-ngeten mawon. Lha,
tiyang ingkang mboten usaha angsal kahanan ingkang sae. Sae sanget malahan.”
Protese Ratri
“
Ndhuk, nasibe uwong iku ora ana sing ngerti, sliramu nyawang kahanane kancamu
penak, durung mesti kancamu rumangsa penak, semana uga wong liya. Saiki ngene
bae, lakonana apa sing wis dadi dalanmu, kuncine amung sisji, tlaten tur tetep
eling marang Sing Kuasa. Sapa ngerti Gusti Pangeran ngangkat derajatmu. Elinga
paribasan Sing Sapa Temen Tinemu.” Kandane Bu Minah.
“
Inggih Buk, Ratri bakal tumindak kaya sing Ibuk nasihatake.”
“
Yawis-yawis ndang budhal adhus kana! Aja panggah tengak-tenguk bae.”
“
Inggih Buk.”
Esuke, kaya kahanan biasane sawise
mbiyantu Pak Jono lan Bu Minah nyepakake dagangan, Ratri pamitan budhal kerja.
Amarga Ratri anak siji-sijine, dadi wong tuane tansah tresna marang dheweke.
“
Ratri bidhal rumiyin Pak,Buk.” Ngambung tangan Bapak lan Ibune.
“ Ngati-ngati lho Ndhuk, aja tumindak
sembrana, nalika kerja yen kesel leren bae, aja dipeksa!” Tuture Pak Jono kang
runtut.
“ Inggih-inggih Pak, Ratri niku sampun gedhe. Bapak
mboten kedah khawatir marang kula.”
“ Wis gedhe tenan? Eling nasihate Ibuk
dekwingi lho ya! Nganti sliramu mulih-mulih tansah susah maneh awas!” Anceme
lan sindire Bu Minah.
“ Inggih Ibukku.” Wangsule Ratri.
“ Nasihat apa ta Buk?” Pitakone pak Jono
kang sajak pengin weruh.
“ Dudu apa-apa Pak, ayo Pak ndang dirampungke,
keburu awan.” Ajake Bu Minah.
Nalika
Ratri teka ing kantor, kahanane tansah rame banget ora kaya kahanan biasane.
Saka kadohan, Dini kancane Ratri mlayu nyedaki Ratri. Dini yaiku kanca cedhake
Ratri nalika wiwit cilik nganti tekan saiki.
“
Ana apa ta? Olehmu mlayu kok eram.” Nggumune Ratri
“
Iki lho Rat, aku nggawa kabar apik lan ala, sliramu kepengin ngrungokake sing
endi dhisik?”
“Kabar
ala.” Wangsule Ratri.
“
Kabar alane, Laras dekwingi mara rene lan dheweke saiki dadi CEO.”
“
Lho, kepriye ta sliramu ki, iku mbok arani kabar ala?”
“
Sik ta,rungokna dhisik, sliramu ngerti kena apa dheweke bisa dadi CEO?”
“
Ora.” Wangsule Ratri
“
Lan sliramu ngerti kena apa dheweke ketampa ing perguruan tinggi favorit sing sliramu bae ora ketampa?”
“Ora.”
“
Iku amarga slirane nyogok, wong tuwane kepengin anake sukses, masiya dheweke
ngerti ora bakal ketampa nanging wong tuwane nuku sekolahan kuwi supaya Laras
bisa kalebu ing kono, yen jaman saiki arane jalur mandiri. Lan dheweke bisa
dadi CEO amarga, sing nduwe perusahaan iku kancane Bapake, lan Bapake menehne
saham ing persahaan iku secara cuma-cuma supaya Laras iku ketampa dadi CEO.”
“
Astaghfirullah.”
“
Sing luwih nemen, saiki perusahaan iku bangkrut, amarga ana sing korupsi.
Krungu-krungu iku Laras.”
“
Heeeeh... Sliramu ora kena fitnah
wong liya.”
“
Aku ora fitnah, ing berita lho ana,
Sliramu bae sing KUDET.” Belane Dini.
“
lha terus, kontrake dekwingi kepriye?”
“
Ya gagal, iki ana kontrak maneh, nanging iku kontrak marang perusahaan Luar
Negeri.”
“
Ohhh.., lha kabar apike apa?” Pitakone Ratri
“
Kabar apike, sing kapilih nangani kontrak iku yaiku sliramu.”
“
Aku..? lah aja ngapusi maneh sliramu.” Kandane Ratri sing durung bisa percaya.
“
Apa sing diomongne Dina iku bener.” Wangsule Pak Direktur sing mara-mara teka.
“
Oh, Pak Direktur. Sugeng enjing pak.” Saute Ratri lan Dina
“
Sugeng enjing.”
“
Punapa ta Pak,kok kula ingkang kapilih makili kontrak niku?” Pitakone Ratri.
“
Alasane, sing kapisan sliramu lancar basa inggris, sing kaloro sliramu kebak
tata krama tur tlaten. Lha, yen dudu sliramu sapa maneh?”
“
Kula mboten sae-sae sanget Pak, lan durung pengalaman.”
“
Lho, malah kuwi. Anggone sliramu partisipasi ing kontrak iki, iku bisa nambah
pengalamanmu. Lan aku janji menawa sliramu bisa ngrampungake kontrak iki lan
asile apik, jabatanmu dakundakake dadi Sekertaris Direktur.” Taware.
“
Sekertaris Direktur?” Takone Ratri kang tansah kaget.
“
Iya, kena apa? Ora seneng? saka Sekertaris biasa munggah pangkat dadi
Sekertaris Direktur kudune sliramu marem.”
“
Mboten ngoten Pak, kula seneng sanget. Niku jabatan ingkang dados cita-cita
kula wiwit cilik. Sadurungipun kula tansah matur suwun sanget marang
panjenengan ingkang sampun milih kula.”
“
Iya, padha-padha. Wis ndang budhal kerja kana, mengko berkas-berkase jupuken
ing mejaku lan sinaunana!”
“
Inggih Pak.”
Wiwit
dina iku, Ratri nyepakake apa kang dibutuhake nalika ngrampungake kontrak kang
wis dipasrahake marang dheweke. Keterampilane diasah maneh supaya ora
ngeciwakake atasane kang wis menehi kapercayanan marang dheweke.
Alhamdilillah,
dheweke
bisa ngrampungake tugase lan apa sing wis dijanjiake pak Direktur dituruti
yaiku, Ratri munggah pangkat dadi Sekertaris Direktur. Dheweke banjur eling
nasihate Ibune, “ Dadi uwong iku ora kena iri marang wong liya. Lakanana apa
sing wis dadi dalanmu, kuncine amung tlaten tur dedonga marang Pangeran, sing
sapa temen tinemu. Asile anggonmu usaha lan tumungkul olehmu makarya paribasan
Srengenge Esuk kang madangi jagad.”
BIODATA PANYERAT
Jeneng : Siska Yuliantika
Alamat :
rt.11 rw.03. Desa. Malasan, kecamatan Durenan, kabupaten Trenggalek
No.
HP : 082335481732
Email : siskayuliantika31@gmail.com
Sekolah : SMA Negeri1 Durenan
Tataran : XII IPA 2, Urut Kaping 32


Komentar
Posting Komentar