Kang Bisa Gawe Marem
KANG BISA GAWE MAREM
(Dening Septian Suryaningtyas)
Bengi iku kaya malapetaka ing uripe Werduri lan ibune Sartinah. Ibune Werduri nduweni utang akeh menyang majikane Pak Barijan. Pak Barijan pengen ngopeni Werduri dadi anak angkate Pak Barijan. Nanging Werduri ora gelem amarga Werduri kudu urip adoh saking Ibune Bu Sartinah.
Emoh emoh , Bengok Werduri
Ayo mlebu menyang lamar utama , Timpale anak buahe pak Barijan
Emoh Werduri pengen karo Ibu. , Tangis Werduri
Yu udu Ibu
Emoh, Ibu iku Ibune Werduri ,Tangis Werduri
Saiki kowe amake Jurangan Barijan udu anakke Yu Sartinah maneh!.
Werduni dijunjung, dipeksa mlebu kamar utama sing ana ing umahe Pak Barijan. Tangis Werduri kaya swara kang seru lan anggaruk ati sing krungu.
Ana apa iki?. Bengok Pak Barijan.
Nuwun sewu Juragan, Werduri nyuwun tilem wonten kamar pembantu maleh Juragan.
Ibu Sartinah iku Ibuku udu pembantu. Tngis Werduri
Dituntun Werduri ing Juragan Barijan menyang Ibune Werduri Ibu Sartinah.
Kula pengen tilem kaleh Ibu, Juragan. Tangis Werduri marang Pak Bjiran.
Kanda a karo Werduri, yen iki sing pungkasan. Timpale Pak Barijan marang Ibu Sartinah.
Inggih Juragan.
Werduri digawa Ibune menyang kamar. Tangis Werduri lan Ibune dadi swara ing wengi.
Ibu, Werduri pengen kaleh ibu Tangis Werduri
Inggih, Ndara.
Werduri mboten purun Ibu nyeluk Werduri Ndara, Timpale lirih Werduri.
Iya Nduk. Tangis Ibune Werduri.
“Ibu, Werduri mboten purun dadi purtine Juragan.. Tangis Werduri marang Ibune.
Werduri rungokno Ibu ya, Werduri kudu nyeluk Ibu Yu, lan Ibu kudu nyeluk Werduri Ndara, padha kaya Ibu nyeluk Juragan Bajiran, iku wis dadi aturan yen Ibu kerja ning kene nduk, Ibu wis ora sanggup nyaur utang ning Juragan Bajiran.. Timpale Ibune Werduri.
Werduri mboten purun Ibu, Werduri pengen kaleh Ibu, ngewangi Ibu mbayar utang menyang Pak Bajiran.. Tangis Werduri.
Werduri pengen nyawang ibu marem, nyawang Ibu seneng nduk, yen Werduri tumut Ibu Werduri ora bisa sekolah, Ibu wis ora bisa nyekolahne Werduri maneh nduk, Ibu pengen nyawang putrine Ibu nduweni masa depan kang apik sing tata ora kaya Ibu nduk. Werduri rungokno Ibu ya Nduk, mulai sesok ora ana maneh turu karo Ibu, Werduri kudu turu menyang kamar utama, dadi Ndara , dadi anakke Juragan , sekolah sing bener ben bisa nduweni urip sing apik. Werduri pengen nyawang Ibu marem ta . Tangis Ibune Werduri
Werduri amung bisa meneng lan nagis kejret nyembah sikile Ibune,Ibune Werduri ora bisa apa apa. Ibune Werduri ora lila nyawang putrine diadopsi majikane ndewe , lan bakale Werduri nyeluk Ibune ndewe Yu udu ibu. Pak Bajiran sing kawet wau ning ngarep kamar amung bisa welas ngrungokake tangis e Werduri lan Ibune.
***
Saben ndina Werduri amung nangis ning kamar, ora gelem metu saka kamar, ora sekolah, lan ora gelem cethuk karo sapa-sapa.
Ibune Werduri amung isa nginceng Werduri saka jendela, nanging ora bisa ngrangkul anake sing lemes amarga saben dina amung nangis.
Nuwun sewu, Juragan.
Ana apa Yu?, kaget Pak Barijan amarga Ibu Sartinah teko kao nagis.
“ Kula nyuwun pangapunten, Juragan. Kulo meskna Werduri kang lemes nangis saben dinten . Tangis Ibune Werduri.
Terus piye maneh Yu?. Bingung Jurangan Barijan.
Kula nyuwun keringanan Juragan. Werduri mboten purun medal saking kamar Juragan. Tangis Ibu Sartinah.
Pak Bajiran amung meneng, bingung ora bisa ngucap apa-apa. bingung apa sing kudu dikakoni Pak Barijan supaya Werduri bisa gelem nampa Pak Barijan dadi Bapak angkate. Pak Barijan banjur nemoni kancane pak Pairan.
Assalamualaikum kang.
Waalaikumsalam Pak, wonten nopo niki wau?.
Ora , aku mung pengen nyuwun pendapatmu saka masalahku iki.
Masalah nopuo Pak?
Ngene lhoaku ndhuweni kepinginan melu ngurusi anakke pembantuku Yu Sartinah sing jenengen Werduri, nanging anakke ora gelem amarga aku ora ngolehi Werduri nyeluk Yu Sartinah Ibu, aku bingung Kang?
Kena apa njenengan ngurusi putrine Yu Sartinah?
Kowe ngerti dhewe yen aku ora nduwe bojo lan anak, uripku sarwo susah ora ana batur urip, aku wedi yen aku wis tuwa ora ana sing nggolekne aku banyu.
Kena apa maleh njenengan ora ngolehi anak nyeluk Ibune piyambak Ibu, saking aturan pundi Werduri mboten asal nyeluk Yu Sartinah Ibu, Pak?
Yaa Saka aku iki!.
Nggih njenengan nggih kliru Pak, niate njenengan niku sampun sae, nanging carane njengengan sing kliru.
lha aku kudu piye Kang.
Cobi njenengan ndamel cara kang alus mawon, mboten napa-napa yen Werduri nyeluk Ibune dhewe Ibu, supados Werduri purun tumut njenengan , cobi njenengan piyambak seumpami ngoten napa purun nggihan?.
Apa kudu ngunu ta kang seumpama ana sing ngerti yen Werduri iku anakke pembantuku piye?.
Njenengan mboten usah susah, ingkang penteng niku Werduri purun tumut njenengan lan purun nyeluk njenengan Rama.
Iya kang, bakal tak lakoni saranmu, aku matur suwun sanget Kang, rasane apa sing tak songgo abot iki rada ilang..
Inggih Pak.
***
Pak Barijan banjur muleh lan langsung njujuk nemoni Werduri ing kamar utama.
Nduk, Werduri Rama arep ngomong bukaken lawange..
Lawange dibukak saka njero kamar ing Werduri.
“Inggih, Juragan..
Rungokno aku Nduk, tak kandani!.
InggihNanging Werduri mboten purun nyeluk Ibu Yu . Tangis Werduri.
Mripate Werduri sarwa pendul abang lan lemes kaya ora nduwe daya.
Rungokno dhisik Nduk tak kandani , niatku arep ngadopsi awakmu dadi anakku amarga aku ora nduwe sapa sapa , aku pengen ana sing ngurusi aku yen aku wis tuwa ana sing temen tresna lan gelem ngopeni aku tekan patiku mbesok. Nduk, Rama ngolehi kowe yen arep nyeluk Ibumu Ibu, Ibumu bakal tak olehi turu ning kamar mburi, nanging kowe kudu gelem dadi anakku , sekolah sing pinter supaya apa sing diperjuangne Ibumu saiki bisa kok wasuli mbesok..
Saestu Juragan? Kulo purun Juragan ,kulo marem sanget.. Werduri sarwa bungah atine.
Nduk aja nangis eneh ora ana saiki sing bisa ngelarani kowe yen ana Rama..
Inggih Rama.. Timpale Werduri bungah.
Bungah atine Pak Barijan krungu Werduri nyeluk dheweke Rama. Pak Barijan banjur sadar iki senenge dadi Rama, derajat kang nduwur ora bisa dadi ukuran kesenengane manungsa, nanging rasa bungah bisa andum bebarengan karo keluarga, lan urip ikhlas sing bisa njamin mareme uwong urip ing ndonyo.
***
Biodata penyerat
Jeneng : Septian Surya Ningtyas
Alamat : RT 27 RW 07 Ds. Watulimo Kec. Watulimo Kab. Trenggalek
Telp : 082247651684
Email : Sertiansurya103@gmail.com
Sekolah : SMA NEGERI 1 DURENAN
Tataran : XII MIPA 2

Komentar
Posting Komentar