NATA PAGER

NATA PAGER

Nalika Rina dolan menyang omahe kancane kang jenenge Fatma, nanging kancane malah ndelik nalika weruh yen Rina menyang omahe. Banjur Rina pitakon marang Ibune Fatma.
“Buk, Rina punapa wonten dalem?”
“Rina metu karo mbakyune, Ndhuk.” ujar Ibune Fatma.
“Oh, nggih sampun buk.” ngendikane Rina
Sawise Rina pitakonan marang Ibune Fatma, nanging Ibune Fatma ora ngutus Rina mampir. Ibune Fatma ora seneng karo Rina amarga saben dina seneng dolan. Mulane Fatma ora seneng metu karo Rina sing seneng dolan iku mau.
Ananging Rina kuwi bocahe nalika ning ngomah sregep, lan manut marang Bapak lan Ibune. Yen ing njobo ngomah Rina dadi rasan-rasan tanggane amarga dheweke seneng dolan. Lan Bapak Ibune yen diomongi tanggane ora nggangep yen menawa Rina kuwi saben dina dolan.
Saben dina Rina dolan ora weruh wayah. Fatma saiki duweni kanca anyar kang apik marang dheweke yaiku jenenge Ica. Nanging Ica luwih cedhak karo kanca lawase. Lan Ica luwih grapyak marang kanca lawase tinimbang karo Fatma, Fatma dijarne utawa istilahe ora digape.
Nanging yen kanca lawase Ica ora ana, Ica grapyak marang Fatma. Fatma mung isa nebah dada ngadepi watake Ica sing kaya mangkono. Nalika Fatma lan Ica dolan bareng lan papasan karo Rina, Rina ora gelem nyapa Fatma. Fatma banjur pitakon marang Rina
“Rin, sampeyan tas ko ngendi?”pitakone Fatma karo marani Rina
“Oalah, aku tas mulih dolan Fat” ujar Rina
“Pancet wae ya, aja dolan wae Rin. Kuwi ngono ora apik lan disawang tangga ya ora apik.” pituture Fatma
“O..iya Fat. Suwun.” semaure Rina nanging nyepelekne.
“Wooiya Rin, kenalna iki Ica kancaku.” banjur Ica lan Rina kenalan.
                        “Yowis,dhisik ya Rin.”
Sawise iku, Ica ora bisa ngira yen Fatma ya duweni kanca sing seneng dolan kaya ngono. Fatma dikandani Ica yen supaya ora cedhak-cedhak nemen karo Rina sing dolan wae ora ngerti wayah.
Nanging Fatma ora penak yen dumadaka ngadoh marang Rina, amarga Rina iku kanca suwene Fatma. Sabanjure iku suwe-suwe Rina malah dadi kanca apike Fatma, yen Rina neng ngendi-ngendi Fatma mesti ngetut. Nganti-nganti Rina kuwi karo Fatma ora oleh kekancan karo liyane Fatma. Intine Rina kuwi kudu karo Fatma.
 Nalika Rina dolan karo kanca lawase nanging sawangane Fatma marng kanca lawase Rina ora penak. Ing wektu mulih sekolah, Rina mesti dolan lan Fatma uga melu dolan. Alasane Fatma marang Ibune yaiku kerja kelompok ing omahe kancane. Banjur Fatma lan Rina konangan dolan bareng, lan sing ngonangi dolan yaiku tangga cedheke Fatma.
Tanggane Fatma ora nyangka lan ora ngira yen Fatma bakal katut Rina. Nanging tanggane Fatma durung wani ngomongi Ibune Fatma, amarga tanggane Fatma isih duwe rasa welas marang Fatma. Sabanjure iku tanggane Fatma nerusne lakune, Fatma ndredhek yen mengko tanggane bakal crita marang Ibune.
Dheweke mikir piye carane amrih tanggane ora crita marang Ibune. Yaiku dheweke nyuwun tulung marang tanggane supaya ora crita marang Ibune. Nanging mesakne Ibune Fatma yen weruh kelakuane anake saiki kaya mangkono. Sawise iku Rina lan Fatma banjur cepet-cepet mulih supaya Ibune Fatma ora curiga. Lan nalika wes teka ngomah Fatma langsung nyapu-nyapu, umbah-umbah lan sapanunggalane.
“Ndhuk, Fat ndang adus kono!” ngendikane Ibune Fatma.
“Inggih Buk, rumiyin kula taksih nyapu.” ujare Fatma.
“Selak manclap Ndhuk, gek ndang sholat.”
“Inggih Buk inggih.”
Banjur Fatma budal adus, sholat, lan liya-liyane. Sawise Fatma adus, pas leyeh-leyeh Ibune Fatma ngelingne Fatma yen bocah kaya Rina kae ora apik yen diturun, amarga saben uwong iku nduweni pendapat kang beda-beda apa maneh tangga teparo. Biasane tangga teparo iku ora seneng utawa istilahe iri yen tanggane iku bungah.
Mulane Ibune Fatma ora demen yen Fatma metu karo Rina. Nanging kepriye maneh Fatma ora bisa ngadoh karo Rina, amarga miturute Fatma Rina iku wes kadung apik mrang dheweke. Nalika Fatma arep mapan turu banjur dheweke mikir-mikir karo apa sing diomongne Ibune mau. Lan dheweke mikir kelakuane Rina kuwi ala apa becik.Sewengi Fatma ora bisa turu amarga mikirne kuwi maeng.
Fatma uga ora bisa mbayangne kaya ngapa polahe Ibune yen weruh Fatma bisa cedhek karo Rina. Lan Fatma ya mikir yen mengko jeneng kulawargane bisa ala gara-gara dheweke. Bnjur Fatma sadar yen Rina kuwi ora pantes dinggo panutan. Sawise iku, nalika Fatma kapethuk Rina lan Rina langsung wae ngajak Fatma dolan. Nanging Fatma nolak, amarga dheweke kelingan karo pituture Ibune dekwingi.
“Rin, aku kepingin jagongan karo sampeyan.” ngendikane Fatma.
“Jangongan apa ta Fat?”
“Ngene ya Rin, iki aku ya mik ngilingne sampeyan. Sabenere sampeyan iku mbendina dolan wae ngono kuwi disawang tangga ora apik lan bisa di cap bocah nakal, Apa sampeyan ora mesakne Ibu lan bapakmu?” pituture Fatma.
“Lha nyapo to Fat, penting aku kan ora rena-rena kaya bocah nakal.” ngengkel.
“Iya bener Rin, nanging sampeyan saiki wis dadi rasan-rasane tangga.” ujare Fatma karo mbrebes mili.
“Aja ngawur ta Fat, Sampeyan iki mesti oleh omongan saka uwong ta ya.”
“Iki ngono bener Rin, aku krungu dhewe.” ujare Fatma karo mbrebes mili.
Banjur Rina ngalih, Rina isih durung percaya karo apa sing dikandakne Fatma kae maeng. Dheweke panggah mikir yen dheweke kuwi ora salah. Lan dheweke nduweni pikiran pokok dheweke ora nglakoni sing rena-rena. Sawise iku, Fatma ning ngomah isih mikirne Rina sing ora percaya karo apa sing dikandakne dheweke. Lan Fatma mikir kepriye carane amrih Rina bisa percaya marang dheweke.
Rina ya semono uga, Rina mikir apa sing dikandakne Fatma kuwi bener. Sawektu Rina lan Fatma kapethuk ing dalan Rina ora nyapa Fatma. Kuwi ngono malah nambahi beban pikirane Fatma. Lan sawektu Rina diutus Ibune tumbas gendhis ing warung Rina ora sengaja krungu apa sing diomongne tangga-tanggane sing ana ing warung iku maeng.
            “Tuku apa Rin?”
“Niki, diutus Ibuk mundhut gendhis.”
“Oalah ngono ta Rin, apa ana tamu kok tuku gula?”
“Nggih mboten mbak, namung dipundamel menawi wonten tamu ndadak.”
“Healah, tak kira lek ana tamu.”
Rina teka ngomah mikir karo sing diomongne tanggane sing ana ing toko kae maeng. Mula Dheweke krungu dhewe lan akhire percaya karo apa sing dikandakne Fatma. Banjur Rina menyang omahe Fatma nyuwun pangapura marang Fatma.
“Fat, aku nyuwun ngapura ya Fat.”
“Nyuwun ngapura apa ta Rin?” Fatma bingung.
“Aku wis ngajak dolan sampeyan meh mbendina lan aku wis ora percaya karo
pituturmu wingi Fat.”
“Oalah, sampeyan ora nyuwun ngapura wae ya wis tak pangapurakne Rin.”
“Wis saiki ayo padha nata uripe dhewe-dhewe supaya ora nyusahke wong tuwa.”
Banjur Rina saiki wis eling lan wis berubah. Fatma ya semono uga. Mula intine kekancan iku padha ngelingne ora malah mblondrongne. Kabeh iku kanca, lan kanca iku ora ana bedane kabeh padha. Paling mung sipate sing beda. Nata kekancan iku padha karo nata pager. Kudu lurus lan padha. 


Jeneng : Asis Sundari Sukma Intan Margasiwi
Alamat: Rt. 06 Rw. 02 Dsn. Krajan Ds. Ngadisuko Kec. Durenan Kab. Trenggalek
Telp: 083846118772 (wa)
Sekolah : SMAN 1 Durenan, Trenggalek

Tataran : XII-IPA  2/ Urut Kaping : 06

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak GANDANE TEMPE BOSOK

Cerkak FILM

Cerkak MURUNG PEPINGINAN