NIYATMU MASA DEPANMU

       NIYATMU MASA DEPANMU


            Isuk iku mulih saka belanja, Bu Minah lungguh ing ngemper katon susah. Anake lanang, Bagas metu saka omah banjur nyedhaki Ibune.
"Ana apa Bu kok katon susah?"
"Aku tansah mikir Le, saiki panganan kabeh larang, wiwit saka lombok, bawang, brambang, uyah."
"Mila Bu?"
"Iya Le, gik Ibumu iki ora dhuweni penggawean sing panggah, lek enek gaweyan ya kerja lek ora enek ya ora kerja, gik apa sing arek digawe tuku yen kabeh larang kaya ngene iki?"
 Tekan ngono Bagas meneng amarga nyawang mripate Ibune kang kumembeng eluh.
"Sampun Bu aja sedhih, kabeh wis ana sing ngatur."
"Iya Le, pener omongmu."
"Inggih Bu, aku iki arek budhal kerja."
"Ati-ati ning dalan Le."
            Banjur Bagas budhal kerja. Dheweke kerja ing salah siji SMP kang manggone adoh saka omahe. Pritttt.......prriiittt......swara sempritane Bagas kang lagi nyebrangake murid-murid. Jam 7 bel sekolah muni. Murid-murid padha mlebu kelas. Pak Darmo sing dodolan ing kantin sekolahan, nyedhaki Bagas kang katon mikir ing pos satpam.
"Ana apa Gas kok sajak mikir?"
"Iki lo Pak, urip kok rekasa direwangi kerja saben dina nanging sugihe uga ora sepira."
"Kabeh manungsa lek dituruti ora ana cukupe Gas, panggah kurang ae."
"Iya Pak, saiki jamane uwis modern kabeh padha nyepak, nanging dhuwite iku sing ora tahu nyepak."
"Sing sabar ae Le, sing penting panggah usaha lan donga marang sing Kuwasa, ya wis aku tak balik ning kantin."
             Sawise iku Pak Darmo balik ing kantin amarga uwis arek ngaso. Jam 13.00 murid-murid padha mulih anggone sekolah. Bagas uga siyap-siyap mulih. Ing dalan, dheweke weruh wong edan sing arek ketabrak motor amarga golek panganan ing adhah sampah kang manggone ing pinggir dalan. Banjur Bagas nulungi wong edan kuwi. Sanalika Bagas trenyuh nyawang kahanane wong edan kuwi. Klambine suwek-suwek lan rambute gimbal. Bagas iku wonge remen banget nulung wong, dadi ora gumun yen dheweke akeh sing dhemeni. Banjur Bagas nerusake lakune.
"Assalamualaikum."
Tok...tok...tok... swara Bagas ngethok lawang.
"Bu,Ibu.....Ibu dateng pundi ya?"
Tok.....tokk...tokkk.... "assalamualaikum."
"Waalaikumsalam, kok wis muleh Le?"
"Inggih Bu."
 Bagas mlebu omah, salin, lan menyang pawon njumuk maem.
"Yoalah, saben dina kok panggah tahu karo tempe ae."
Sanalika dheweke eling karo wong edan maeng kang rekasa anggone nggolek panganan.
"Dhuh Gusti, aku isih durung bisa bersyukur, padahal isih akeh wong sing ning ngisorku kang luwih rekasa anggone nggolek panganan."
            Amarga kahanane Bu Minah lan Bagas kang prasaja, dadine saben dina mangan apa anane. Bapake Bagas sampun suwi seda amarga lara. Dadi Bagas sing nyukupi kebutuhan kulawargane. Nanging ibune uga melu kerja amarga ora pingin ngrepotake anake.
"Enenge  ya mung ngono kuwi Le, Ibumu ora bisa nukokake lawuh sing enak."
"Sampun Bu niki mawon, sampun cekap."
Sawise maem, Bagas omong-omongan kaliyan Ibune.
"Bu, nyapo  ya uwong iku kok bisa edan?"
"Paling akeh pikiran Le, kok pitakonmu aneh-aneh enek apa?"
"Aku maeng ketemu wong edan sing arek ketabrak motor terus tak tulungi."
"Kuwi kewajiban Le, manungsa iku kudu tansah tulung pinulung."
            Isuke, Bagas budhal kerja. Nalika iku udan deres banget. Bagas mandhek sediluk arek nggawe mantel. Dheweke weruh wong edan sing ditulungi wingi. Wong edan iku kudanan amarga ora dhuweni papan panggonan. Saka kuwi, Bagas eling yen urip iku ora mung mewah nanging apa anane. Bagas bisa sinau akeh saka wong edan kuwi. Kabeh sing didhuweni disyukuri lan ora panggah ngresula ae. Terus usaha lan semangat anggone kerja.
"Kapan ya Le bisa sugih, ngene iki rekasa banget?"
"Sing sabar Bu, urip iku ora mung ngenani sugih nanging prasaja iku luwih sae, amarga bandha ora bakal digawa mati."
"Muga-muga sekabehane usahamu bisa kasil Le."
"Inggih Bu, aminnn."
            Bagas mikir nggolek usaha apa sing bisa ngerubah nasibe. Bagas iling yen dheweke iku akeh nyonto saka sikape wong edan kang bisa nerima apa anane. Bagas mesakake yen uwong kuwi dadi edan, amarga ora bisa kumpul karo kulawargane. Saka kuwi dheweke dhuweni niyatan arep ngobati wong sing edan. Saking penasarane Bagas nggoleki ning google ngenani wong edan, penyebabe, lan cara ngobati nganti bisa waras maneh. Saben dina dheweke sinau mempeng ngenani bab kuwi. Akhire Bagas dhuweni solusi sing bisa gawe wong edan kuwi waras maneh.
            Akhire Bagas njajal nambani wong edan sing saben dina diweruhi kuwi. Saben esuk budhal kerja, dheweke nggawa panganan lan dingehne wong edan kuwi. Bagas menehi perhatian kang luwih marang wong edan kuwi. Nalika iku Darmo weruh yen Bagas karo wong edan."
"Kowe ki waras apa ora ta Gas? Wong edan malah kok cedhaki."
"Aku isih waras Pak, aku amung arek nulung, aku mesakne nyawang kahanane wong edan sing kaya mengkono. Aku dhuweni niyatan arek nggawe wong-wong edan waras maneh."
"Apa ta Gas niyatmu kuwi kok aneh, aku ora yakin yen kowe bisa kasil."
            Bagas amung meneng karo mesem, nanging kuwi ora nggawe dheweke patah semangat. Amarga kuwi sing malah nggawe dheweke semangat. Akhire Bagas nyeritakake marang Ibune yen dheweke dhuweni niyatan kaya mengkono maeng. Awale Bu Minah ora setuju yen anake dhuwe niyat kaya mengkono, nanging amarga niyate anake sing muliya, akhire Bu Minah setuju. Akeh tangga-tanggane sing ngelokake dheweke, yen niyate kuwi ala, yen Bagas kuwi ketularan edan lan liyane. Nanging Bagas ora nganggep apa ae sing diomongake tangga-tanggane.
            Wiwit kuwi Bagas usaha samampune mujudake niyate kuwi. Bagas kepingin buktikake yen dheweke iku bisa. Dina genti wulan susah seneng panggah dilakoni, saben dina dheweke donga lan pasrah marang sing Kuwasa. Akhire saka usaha lan kerja kerase, dheweke bisa kasil anggone gawe wong edan kuwi waras maneh. Dheweke marem banget, wong edan sing wis waras kuwi bali maneh marang kulawargane lan menehi imbalan marang Bagas. Nanging Bagas ora gelem narima, amarga dheweke ikhlas anggone mbiyantu.
"Alhamdulillah Bu, akhire niyatku bisa kasil."
"Iya Le alhamdulillah, Ibu bangga karo kowe."
            Bagas ora bisa ngucap apa-apa saking mareme dheweke. Jenenge Bagas kondang teka ngendi-ngendi. Kawit saka desa, kota, kabupaten, uga provinsi. Akhire pemerintah menehi bantuan lan ndadekake Bagas dhirektur ing salah sijine Rumah Sakit Jiwa ing provinsine. Kahanane Bagas saiki malih sugih lan sekabehane uwis bisa kecukupan. Tangga-tanggane Bagas njaluk sepura marang dheweke amarga tahu ngelokake lan ngremehkake niyate. Nanging Bagas ora tahu dhuweni rasa anyel marang liyan amarga kuwi sing bisa gawe dheweke semangat anggone mujudkake niyate kuwi.
"Le saiki kahananmu penak, kowe wis sukses."
"Inggih Bu alhamdulillah, aku bisa sukses uga saka doa restune panjenengan Bu, aku matur suwun banget."
"Iya Le, nanging kowe kudu panggah iling marang sing Kuwasa, aja sombong, aja mbiji wong amung saka njabane, aja bedakake marang sapada. Anggepen uwong liya iku kaya dulurmu dhewe.
"Inggih Bu, aku bakal iling marang pituture panjenengan."
             Kekasilane Bagas iku kebekan berkahing Gusti, amarga saka niyate sing ora genah lan akeh sing ngremehake dheweke nanging kuwi malah ndhadekake sukses. Kabeh iku tergantung saka niyat, dadi aja tahu ngremehake niyat. Yakin karo tujuan, sing utama usaha lan donga marang sing Kuwasa Supaya urip bisa mulya.


Jeneng             : Nurwanti Ani
Alamat            : RT.04/ RW.01,Ds.Gandong,kec.Bandung,kab.Tulungagung
Telepon           : 085731529168
Email               : Nurwantiani97@gmail.com
Sekolah           : SMAN 1 DURENAN TRENGGALEK
Tataran            : XII-IPA 2 / Urut kaping 26



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak GANDANE TEMPE BOSOK

Cerkak FILM

Cerkak MURUNG PEPINGINAN