PITUTURE SIMBOK
PITUTURE
SIMBOK
Ing ngarep latar Aris lagi ngumbah
sepedahe, kabeh diresiki ora ana sing kliwatan. Sela-selaning ruji uga ora
keri. Tangan tengene nyekel selang kanggo nggrujuki sepedahe kanthi banyune
ngembong ing latar kaya kebanjiran. Sawise disiram banjur Aris ngosoki nganggo
suwekan gombal amoh. Aris mesam-mesem nyawang sepedahe amarga ketara resik kaya
sepedah anyar. ”resik tenan iki…!”
“Uwis
jam enem Ris, ndang adus gik mangkat sekolah.”
“Inggih mbok……, iki wis arep budhal adus”
“Ris
iki sarapane karo sangune, dhuwite mung
3.000”
Simboke
ngalih karo ubet-ubet naleni gedhang
sing arep digowo ning pasar.
“Inggih
mbok ati-ati ning dalan…..”
Sawise
kuwi simboke budhal karo nggendhong dagangane. Ora let suwi Aris budhal sekolah
numpak sepedahe.
Kring…….kring…..kring……! swara bel
sekolah tandha mlebu wis muni. Swarane
bel banter banget nganti ngeget-ngegeti. Nanging akeh siswa sing krungu
bel mlebu panggah ing njaba kelas. Nalika bocah sing wis mlebu kelas, ing njero
isih padha jagongan lan rame dhewe. Bocah-bocah banjur padha meneng lan anteng
nalika Bu Rina tumuju ing kelas.
“Sugeng
enjing para siswa…….”
“Sugeng
enjing Bu…….”
“Ayo
dibukak bukune, teka kaca pira diingi?”
“Teka
kaca 33 Bu……….”
Wulangane banjur diwiwiti, para siswa padha
nggatekake piwulange.
“Oh
iya, sapa sing ora mlebu dina iki?”
“Aris
Bu, sampun gangsal dinten mboten mlebet lan mboten wonten katrangane.”
“Ya
wis mengko tak rembukan karo BK, lan aku engko arek nyoba ning omahe Aris.”
Langit mendhung, swara gludhuk
gembleger. Swasana ing pasar katon sepi, wong-wong sing dodolan ing pasar padha
wis mulih kabeh amarga arek udan. Ora suwi ngono udan deres. Simboke Aris
ngiyup ing plataran njaba pasar. Dodolane mung payu gangsal lirang olehe dhuwit
mung 15.000, biyasane olehe dhuwit lek payu akeh sedina nganti 30.000. Nanging
simboke Aris panggah bersyukur marang Gusti Allah amarga taksih diparingi
rejeki. Sakwise mari udan simboke Aris banjur mulih.
Kring…..kring……., swara bel mulih
sekolah muni. Bu Rina budhal menyang omahe Aris. Ing dalan Bu Rina mampir ing
toko sembako kanggo tuku beras.
“Buk,
kula tumbas beras 5 kilo nggih lan langsung dikirim mawon dhateng nggriyanipun kula.”
“Iinggih
bu…, mangke kula kirim dhateng griyane panjenengan.”
Banjur
salah siji pegawaine metu saka gudang karo nyunggi beras. Bu Rina nyawang sing
nyunggi beras. Ora ngiro jebule malah Aris muride.
“Lho,
Aris….,nyapo awakmu kok malah ning kene?”
Sak durunge Aris mangsuli pitakone, Bu Rina
ngejak Aris lungguh ing kursi sandhing toko. Aris nyritakake larah-larahe nyapo
dheweke ora mlebu sekolah. Sakwise Aris nyritakake, Bu Rina paring pitakonan
marang Aris.
“Dadine
simbokmu ngertine yen awakmu budhal sekolah sabendina, dudu bolos sekolah gik
malah kerja ning kene?
“Inggih
Bu…….,sakjane kula gela banget ngapusi simbok nanging kula nglakoni niki kanggo
simbok.”
Aris
ora kepingin yen simboke susah amarga nyambut gawe dhewe. Banjur Bu Rina ngejak
Aris mulih ning omahe amarga Bu Rina arep nemoni simboke Aris.
Teka ngomah simboke Aris wis mulih
saka pasar.
“Asssalamualaikum……….”
“Waalaikumsalam…”
“Lho, Bu Rina…,mangga mlebet Bu….”
Banjur
Bu Rina lan Aris mlebu ngomah.
“Menawi
wonten napa Bu, kok dhateng mriki ?”
“Mekaten,
Aris sampun gangsal dinten mboten mlebet sekolah tanpa katrangan. Kamangka
setunggal minggu malih sampun UAS, menawi yen mboten mlebet terus tanpa katrangan
bisa-bisa Aris mboten munggah kelas 3. Menika rak mrihatosaken, mila kula aturi
rawuh mriki supaya mangertosi kadadosan menika. Kula sakderengipun mriki, kula
mundhut beras teng tokonipun Bu Tantri. Jebule sing mundhutne beras saka gudhange
Aris Bu….,niku sebabe Aris mboten mlebet sekolah amargi criyose kepingin mbiyantu
simboke kerja lan Aris ora kepingin simboke susah nggolek dhuwit dhewe sawise
ditinggal bapake seda.”
“Ngapunten
Bu, kula mboten sumerep menawi Aris ngaten menika. Kula ngertose yen Aris
mlebet sekolah mbendinten mboten malah kerja ing toko beras.”
Ing
njaba mendhung ireng wis pada mlumpuk. Ora suwi ngono grimis. Banjur bu Rina
nyuwun pamit marang simboke Aris.
“Ngaten
mawon nggih Bu, kula nyuwun pamit amargi badhe jawah.
“Nggih
Bu Rina,matur suwun….”
“Sami-sami,assalamualaikum…..”
“Waalaikumsalam……”
Bu
Rina mulih saka omahe Aris karo payungan amarga grimise saya deres.
Aris mlaku nyedeki simboke sing
lungguh ana kursi ruang tamu. Aris sungkem nyuwun pangapura marang simbo ke
amarga dheweke ngapusi. Banjur simboke Aris, ngongkon Aris lungguh ing sandhinge
lan simboke maringi pitutur Aris.
“Le……aja
nganti awakmu bolos sekolah maneh tugasmu dadi pelajar yaiku sinau sing sregep.
Aja mikir nggolek kerja dhisek. Simbok ngerti yen awakmu kepingin ngewangi
simbok nanging ora ngene carane. Awakmu
bisa ngewangi simbok yen awakmu nduwe waktu nganggur sawise mulih sekolah”.
“Nggih
mbok, Aris kliru amarga ngapusi simbok lan bolos sekolah. Sawise ditinggal
bapak Aris ora tega nyawang simbok nyambut gawe dhewe. Nanging Aris janji mbok
yen Aris ora bakal bolos sekolah maneh.”
“Iya
le….muga-muga awakmu bisa dadi uwong sing sukses lan bisa ngangkat derajate
simbokmu.” ora krasa luhe simboke Aris mili dleweran ning pipine.
“Amin………….”
Sesuk isuke, Aris budhal sekolah karo kanca-kancane. Dheweke ora lali
karo janjine marang simboke yen kudu sinau sing sregep. Ora krasa uwis 2 tahun
kalampah. Aris lulus saka SMA lan oleh beasiswa nerusne kuliyah. Simboke Aris
remen banget lan bombong atine amarga bisa dadi wong tuwa sing kasil
nggalmularsa anake nganti dadi sarjana lan nduweni pekerjaan sing mapan.
Jeneng : Amalia Krisnaning
Alamat : RT.01/
RW.01,Ds.Siyotobagus,kec.Besuki,kab.Tulungagung
Telepon : 085645312687
Email : Harapan437@gmail.com
Sekolah : SMAN 1
DURENAN TRENGGALEK
Tataran : XII-IPA 2 / Urut kaping 04


Komentar
Posting Komentar