Cerkak PIWALERE WONG TUWA
PIWALERE WONG TUWA
(dening Febrilia Dwi Nurita)
Awan
iku srengenge ora katon ing langit, saengga ndadekake swasana pêtêng dhedhet.
Pancen iki wis mlebu usum udan. Saben isuk wis katon grimis. Malah bisa wae
kadhang udane sedina sewengi ora leren – leren. Pranyata petenging jagad uga
njalari peteng ing sajroning atine Rina.
Kabeh
mau amarga dheweke sektas wae ditimbali ing ruwang B.K, sawise kêrêp ora mlebu
sekolah lan nunggak SPP pirang – pirang sasi. Dheweke bingung arep matur piye
marang ibune, kamangka sesok wong tuwane diaturi rawuh ing sekolahan.
“Pelajaran hari ini
telah selesai, sampai jumpa esok pagi dengan semangat belajar baru”. Bel
tandha pelajaran wis rampung, sektas wae keprungu. Para siswa padha age – age
nglebokake piranti tulis ing njero tas, banjur padha metu saka ruwang kelas
kanthi jejel riyel. Ora kejaba Rina, dheweke uga nglebokake buku ing njero tas
banjur siyap – siyap mulih. Dumadakan kanca saklase Rani ngampiri.
“Rin,bubar
sekolah iki mengko bisa klompokan saperlu ngrembug tugas Basa Jawa?”
“Alah
ora isa aku ana acara. ” Rina mangsuli kanthi cekak.
“Howalah,
Rin sakjane kowe kuwi ana acara apa lo saben diajak klompokan mesthi wae akeh
alesane. ” Saurane Diana sing ora let suwi nyedhaki Rina.
“Ya
wis lek sliramu ora bisa, ora apa – apa kamangka iki tugas klompok, mesthi wae
mengko sliramu ora bakal oleh biji. ” Rani nengahi.
Dibelani
kaya mangkono mau Rina malah ngandelake kuping lan nggloyor metu saka kelas
sakepenake dhewe.
*********
“Buk,
aku mulih. ” Semaure Rina nalika mlebu ing njero ngomah.
“Oalah
awakmu wis mulih ta? ” Saure ibune Rina
“Buk,
iki mau ana surat saka sekolahan, sesuk diaturi kon menyang sekolahan. ”
“Ana
apa ta, Ndhuk? ”
“Alah
embuh, Buk ora eruh aku. ” Saure Rina kanthi kasar.
Sawise
menehake surat kuwi mau dheweke mlebu menyang kamar.
Dumadakan
keprungu montor mandheg. Ibune Rina age – age metu.
“Ana
apa ta, Le?”
“Rinane
wonten? ” Pitakone bocah lanang mau.
“Oh,
ana kae bocahe ing kamar. Sampeyan kancane Rina, ta? ” Pitakone ibune Rina.
“Inggih.
”
Sejatine
ibune Rin rada kuwatir, nanging iya kepriye maneh, bocah saben dikandhani mesthi
ngandelake kuping. Apamaneh bapake Rina lunga, lan ing ngomah amung Rina lan
ibune. Coba yen ana bapake, mesthi wae Rina ora bakal wani nakal kaya mangkene.
Mangkono batine ibune Rina. Ora let suwe Rina wis metu saka kamar lan wis
macak.
”Buk,
aku arep metu. ”saurane Rina
“Arep
menyang ngendi? Banjur balimu jam pira? ”
Tanpa
nyauri pitakonane ibune dheweke nggloyor ngampiri kancane lan ninggalake ibune.
Ibune amung bisa ngelus dhadha.
Ing
ngomah ibune wis entek atine amarga Rina ora mulih - mulih. Padahal Rina budhal dolan awan mau,
lha gene wis bengi kaya ngenekok durung mulih. Dumadakan keprungu swarane mobil
mandheg ing ngarep omah.
“Assalamualaikum.
”
Katon
ana polisi loro ngampiri ibune Rina.
“Walaikum
salam. Ana apa ta, Pak kok kersa rawuh mriki? ”Semaure ibune Rina kanthi
kuwatir.
“Ngeten,
Bu. Kalawau sonten putranipun panjenengan ngalami kecelakaan. Larenipun
sakmenika taksih wonten rumah sakit. Panjenengan dipunaturi rawuh wonten kantor
polisi. ”
Keprungu
kabar kaya mangkono, ibune Rina wis entek atine. Banjur age – age budhal
menyang kantor polisi bareng Pak Polisi. Sawise teka ing kantor polisi, ibune
Rina ngurusi thethek mbengek ngenani putrine. Sawise rampung urusane ing kantor
polisi, ibune langsung tumuju ing rumah sakit. Teka ing rumah sakit ibune
banjur nggoleki kamare Rina.
“Ndhuk,
sampeyan ora apa – apa? ”
“I..ya,
aku ora geneya – geneya. ”Semaure Rina kanthi lirih.
Dumadakan
ana wong lanang mlebu ing ruwangan.
“Rina,
geneya kowe bisa kaya mangkene? ”
Wong
lanang mau ora iya bapake Rina, sing nembe wae kondur sore mau, sawise mirenng
kabar yen Rina ngalami kecelakaan.
Watara
telung dina Rina dirawat ing rumah sakit. Bapak lan ibune tansah ngrawat lan
nunggoni kanthi kanthi welas lan asih. Weruh kaya mangkono mau, Rina banjur kembeng
mrebes mili. Dheweke ngrasa kadosan marang bapak lan ibune sing wis asih tresna
marang slirane.
“Buk,
Pak aku nyuwun ngapura yen aku kêrêp gawe cuwa lan kuwatir panjenengan.”
“Iya,
Ndhuk. Aku wis ngapura kabeh kenakalanmu, nanging aja pindha – pindha kok
baleni maneh. ” Pituture ibune.
“Uga,
Rin awakmu aja nggampangake pituture wong tuwa. Kadadeyan iki mau bisa aweh
piwulang marang awakmu yen piwalere wong tuwa iku mesthi wae kanggo
kabecikanmu. ” Sambunge bapakke.
BIODATA PANYERAT
Jeneng : Febrilia Dwi Nurita
Alamat : RT. 13 RW. 03 Ds.
Pandean, Kec. Durenan, Kab. Trenggalek
No. Hp (WA) :
085 784 195 193
Email : newrita23@gmail.com
Sekolah :
SMAN 1 Durenan
Tataran/urut
kaping : XII-IPA 2/ 09


Komentar
Posting Komentar