Cerkak GETUN KEDUWUNG TIBA MBURI



GETUN KEDUWUNG TIBA MBURI
(Dening Novia Ely Mazzlin)


Dina iku ing sekolahan, bocah-bocah pada geger ngomongake film anyar ing bioskop. Bulan iki lagi ana film sing judule “Pengabdi Setan”, trailer saka film iki maparake crita-crita sing medeni lan menarik. Krungu crita saka kancane, atine Tata tansah bungah, pengin banget dheweke nonton film horor kuwi.
“Ta, kepriye sampeyan? Melu apa endak?” Mila takon.
“Sekya Mil, dakpikirake dhisik, saiki aku lagi ora ana sangu.” Jawabe Tata.
“Oo iya Ta. Iki film apik lho, rugi yen ora nonton.”
Tekan omah sawise sekolah, Tata lungguh ing ruang tamu sinambi maca sinopsis film horor kuwi ana HP sing dicekel. Tenan, film kuwi pancen menarik, nambahi kepenginane Tata kanggo dolan menyang bioskop.
“Ndhuk, mrenea ibu arep omong.” Bu Siti nimbali.
“Wonten punapa buk?” Tata mlaku nyedhaki ibune.
“Iki lho, ibu wau tas adol gabah, ana dhuwit ora sepira iki bayarna SPP ya ndhuk, dakpikir-pikir kok wis nunggak telung sasi.” Kandhane bu Siti.
“Inggih bu, benjing Senin kula betane sekolah.”
“Iki lho gawanen pisan, mengko yen ibu sing gawa malih ilang kanggo blanja.”
Tata nampani dhuwit kuwi banjur mlaku menyang kamar. Ora mikir suwi, Tata jupuk HP sing ngglethak ana meja lan ngabari Mila “Aku sesok melu.”
Dina Minggu wis teka, dina sing diwanti-wanti bocah kuwi. Kabeh wis padha semayanan budhal jam 2.
“Bu, kula badhe kelompokan.” Tata pamit.
“Minggu-minggu kok ana tugas, sing ngati-ati ing dalan.” Pitutur bu Siti.
“Inggih bu, Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam.”
Ya, Tata ora wani omong menyang bu Siti yen dheweke arep dolan menyang bioskop. Nganti SMA Tata ora diolehi dolan adoh merga bu Siti khawatir marang anak siji-sijine kuwi.
Bocah-bocah wis padha kumpul ing omahe Mila. Kabeh padha gawa motor menyang bioskop. Ora ngira ing prapatan cedhak pasar lagi ana cegatan. Tata lan kanca-kancane ora bisa mlayu, kabeh kena tilang amarga padha durung nduweni SIM. Dhuwit 100 ewu sing dicekel Tata kanggo bayar SPP kapeksa ilang kanggo bayari tilang.
“Kepriye iki Mil? Bali mulih wae ya? Wis padha ora nduwe sangu.” Tata takon.
“Iya Ta, gara-gara kena tilang iki.”
Grenggggg….. Bocah-bocah kuwi mung ngemut driji nalika budhal mulih. Ora sida marem menyang bioskop, nanging malah kelangan dhuwit. Tata tansah mikir kepriye carane omong menyang ibune yen dhuwit kanggo bayar SPP iku wis ilang.
“Lho, wis bali ta?” pitakone bu Siti sinambi nyapu ana latar.
“Inggih sampun bu.”
“Lho lho kok blabas wae ta, kene ngrewangi ibu nyapu.”
“Eh inggih bu, kula badhe nglebetaken tas rumiyin.”
“Ndang ndhuk!”
Tekan kamar Tata tansah bingung nganti-nganti weluh wis ora bisa kabendung ana mripate. Dheweke tansah ngrasa salah marang ibu lan bapane sing wis kerja panas-panasan lan kesel amung kanggo biaya sekolah dhehweke.
“Duh Gusti, kepriye kula kedah criyos marang tiyang sepuh kula?” Dongane Tata.
“Aku kudu bisa hemat lan nabung kanggo ganteni dhuwit iki, aku wis kapok ngapusi, aku kudu bisa gawe perubahan, aku kudu gawe bangga wong tuwaku.”
Seminggu wis kepungkur, Tata wis lekas ngumpulake dhuwit. Dheweke tetep ana kelas nalika kabeh kancane ing kantin. Dheweke uga mesthi ora gelem yen diajak kancane dolan. Niyat sing ana ing atine wis mantep tenan. Kabeh dilakoni kanthi ikhlas lan tawakal.
“Bu, kula badhe criyos jujur dhateng panjenengan.”
“Ana apa ta ndhuk?”
“Yatra ingkang panjenengan paringne kula sabenere dhereng kula bayarake.”
“Kena apa kok durung?”
“Wingi kula damel dolan bu, boten ngira yen wonten cegatan, lajeng yatra SPP punika kula damel bayar tilang.”
“Kan wis dakkandhani ta, ora usah dolan adoh-adoh, ora usah meri yen kancamu mangkono kuwi, kowe anakku siji-sijine kok wani ngapusi aku?”.
“Inggih bu kula nyuwun ngapunten, kula sampun kapok, kula boten badhe ngoten malih. Niki sampun wonten yatra anggen kula nabung kagem nebusi yatra SPP.”
“Ya uwis, wiwit saiki aja wani-wani maneh ngapusi marang wong tuwa yen ora kepingin cilaka.”
“Inggih bu.”
Wiwit dina iku, Tata wis ora wani ngapusi maneh marang ibune. Dheweke ngerti yen apa wae kang diwiwiti saka kahanan kang ala bakal oleh hasil kang ala uga. Getun tibane ing mburi, mula kudu dipikirake temenan sedurung tumindak.





BIODATA PANYERAT


Jeneng    : Novia Ely Mazzlin
Alamat    : RT. 01 RW. 01 Ds. Sebalor, Kec. Bandung, Kab. Tulungagung
No. HP   : 085232983114
Email       : noviaely22@gmail.com
Sekolah   : SMAN 1 DURENAN
Tataran    : XII IPA 2 urut kaping 24

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak GANDANE TEMPE BOSOK

Cerkak FILM

Cerkak MURUNG PEPINGINAN