WEKTU
WEKTU
Srengenge wis ndelik ana ing panggone, dalanan wis
rada sepi amarga wektu wis ameh maghrib. Ana bocah sing panggah neng kana kae,
ngadek ana ing panggone, panggon sing biyasane digawe golek rezeki. Karo gawa
gitar, nyanyi-nyanyi ning kaca mobil utawa kendharaan mandek.
"Kuat dilakoni yen ra kuat ditinggal ngopi,
matur suwun pak".
Kabeh lagu di nyanyekne, dhuwit receh dhuwit lembar
kabeh di tampa kanthi ikhlas ati lan kebak syukur masiya ana sing lusuh lan
suwek.
"Alhamdulillah, wis lumayan anggonku golek dhuwit,
sesuk wis isa bayar SPP 2 sasi".
Karo mbukak tas sing isine dhuwit sing di klumpukake
pas nyanyi. Pancen, masiya dadi wongora nduwe nanging semangat sekolahe gedhe.
Menurute dheweke, sekolah iku bisa ngerubah urip yen pancen sekolahe kuwi tenanan
lan nduweni cita-cita, dheweke ya nduweni tekad gedhe. Masiya dheweke ora
peringkat pertama ning kelase, tapi dheweke aktif melu lomba-lomba kesenian
kayata nyanyi, suarane apik banget uga pas main gitar suarane selaras karo
nadane.
"Kok wis maghrib yo, aku tak mulih wae lah
mengko ibu nggoleki".
Kawit mulih sekolah nganthi magrhib
biyasane dhewekke anggone nggolek sangu.
"Assalamuallaikum".
"Waalaikumsallam Ri, tak arep-arep akhire wis
teka, ndang adus sholat gek maem".
"Enggeh bu ngapunten kula nembe wangsul".
“Yawis gik ndang
adus terus maem le”.
Dheweke anak
pertama nduwe adhik kembar sing wis sekolah ning SD, bapak e wis ninggal nalika
adhike lahir. Jarene, bapake ndhuweni penyakit jantung. Ibuke amung dadi buruh
umbah-umbah lannyetrika, kadang ya ngewangi tangga yen dikongkon. Amarga ora
tega nyawang ibune sing kerja golek dhuwit dhewe, mulane kui dheweke ngamen.
Kadang yen ana gawean apa wae di tandangi selagi kui ora ngganggu pelajaran lan
sekolahane.
Dina
iki wayahe budhal sekolah, yen biyasane dheweke budhal bareng Toni kanca
kampung lan uga kanca sekolahe tapi dina iki mau dheweke budhal dhewe amarga si
Toni lagi lara panas. Pas arep mlaku menyang dalan kelas, dheweke kaya-kaya
saka mburi ana sing nguncali dhuwit receh.
“Hahaha ikilo
tak bayar kilo,ndang nyanyiadasar
PENGAMEN!”.
Masiya mengo
madhep mburi,tapi dheweke ya mung meneng ae. Tibake kui mau Gilang bocah
kemenyek nanging ya sugih banget, sangking manjane dheweke ora ngerti rasane
golek dhuwit. Wis biasalan ora kaget nalika di bullly di jahili lan di plasara Gilang lan para pasukane. Jarene
dheweke, urip yen ora ana cobaane iku ora ana rasane.
“Ris dina minggu iki ana lomba nyanyitingkat Kabupaten, piye? Sampeyan siap? Ning sekolah iki
mung sampeyan le sing bisa di andalke”.
Bu Anis guru seni menehi informasi yen ana lomba.
“Insyaallah kula siap bu, matursuwun taksih percaya
kalih kula damel ndherek lomba lomba kesenian”.
Bangga banget dheweke nalika ditunjuk mawakili sekolah
kanggo lomba lomba kesenian.
“Iya kabeh ya wis ngerti yen sampeyan juara ne
sekolahan, wis aja lali mben dina mingggu latihan ana in sanggar ya jam 08.00, sak iki mbalika ning kelas”.
“Enggih Bu matursuwun”.
Aris banjur mbalik menyang kelas maneh amarga isih
ana sakjam pelajaran.
“Teng Teng”.
Bel sekolahan wis muni tandane pelajaran wis bar,
para siswa siswi seneng banget. Ana sing langsung mulih menyang omah uga ana
sing blabas dolan. Nonton film menyang bioskop
utawa renang lan PS-an. Bedha maneh kanggo Aris, dheweke iku ndhuweni sifat
kang ogah mbuang wektu. Tinimbang kanggo dolan-dolan lan sakandhane kui,
dheweke milih wektu kui mau digawe golek dhuwit utawa sinau.
“Itung-itung kanggo latihan arep lomba”.
Kaya biasane ning panggon biasane. Mulih dhisik
ndekekne tas lan njupuk gitar, dheweke banjur golek dhuwit .Nalika leren ning
pinggir dalan, ana rame-rame kayane kecelakaan.
“Kayane kok ana sing tiba”.
Jarene kecelakaane kuwi maeng ki bocah sekolah.Pas
Aris nyawang ning panggon rame kuwi mau, Aris nyabrang marani amarga kaya kenal
karo gelang jam sing digawe korban. Ndelalah sing kecelakaan kui mau ki Gilang.
“Loh Gilang, Ya Allah Lang”.
Aris kaget banget pas ngerti yen kuwi mau Gilang.
“Sampeyan kenal ta mas”.
Ana pak-pak sing takon menyang Aris.
“Inggih kula kenal, niki rencang kula”.
Aris panggah nganggep Gilang kancane masiya Gilang
jahat. Pas wis ana ning Puskesmas Aris bingung arep nelpon sapa. Ora suwi
engkas ana suara hp muni. Aris bingung ngangkat apa endak, akhire didelok
ndelalah iku Ibune Gilang.
“Halo assalamuallaikum, Ya Allah Gilang ning endi
paramu le? Kawit mamik sekolah durung mulih-mulih, ibu khawatir banget le ndang
mamik”.
“Waalaikumsallam buk ngapunten kula rencagipun
Gilang, Gilang kecelakaan wonten sebelahe toko bangunan, sakniki teng Puskesmas
celak pasar subuh”.
Telpon langsung dipateni menyang Ibune Gilang. Sing
nampa telpon mau ndredhek wedi. banjur nyawangi Gilang sing ana ning kasur nggletak
lan urung sadar. Ora suwi engkas ana wong wadon sing mlebu menyang ruwangane Gilang,
yaiku Ibune Gilang.
“Hoalah Gilang, diomongi kok mesti ra nganggep, aja
dolan wae kok ngengkel”.
Aris mung isa nyawang karo meneng, nyawang Ibune
Gilang ngerangkul anake.
“Sampeyan jenenge sapa?”.
Aris banjur ditakon-takoni menyang Ibune Gilang, Aris ya nyeritakne kedadeyan sing dialami Gilang mau.
“Owalah sampeyan ki ngamen yonan, yongalah le kok ya isih ana bocah
sing kaya sampeyan, ora isin ngewangi ibune.
Sampeyan jan berbakti tenan”
Ari
mulih saka puskesmas wis jam 20.00 luwih, dheweke ora ngresula masiya hasil
dina iki mau titik ora kaya biasane, dheweke ya ora nyalahne Gilang lan ora
mikir yen Gilang dadi penyebab titik e hasil ngamen dina iki mau.
Lomba wis arep teka naging ana kendala sing ana ning sanggar, yaiku sanggar rusak
lan listrike konslet amarga udan deres lan gendhenge bocor. Masiya ora isa latihan maksimal tapi Aris panggah semangat melu lomba lan
semangat menang.
Sekolahan wis pada sepi, mung Aris sing isih ana ning
kana. Nyapo dheweke ora mulih utawa ngamen? amarga dheweke latihan dhewe ya masia Bu Guru wis matur yen latihane cukup
dina minggu nanging semangate Aris ora kena ditahan.
“Kok isih ning kene?”.
Aris kaget banjur nyawang bocah sing ngomong ana ning
ngarepe.
“Loh Gilang kok wis masuk sekolah? Alhamdulillah Lang sampeyan wis mari”.
“Iya Ris, aku matur suwun banget mergo awakmu nulung aku,
padahal aku wis jahat karo awakmu. Sepurane Ris sepurane sig gedhe”.
“Iya Lang wista rapapa, aku wis nrimo pangapuramu. Aku
yakin yen wong ning donya iki oraa ana sing jahat, tapi wektune wae sing durung
pas kanggo mbuktekne”.
“Matursuwun banget ya Ris, eh awakmu kok ora latihan nig
sanggar?”.
“Iya Lang aku latihan sak enek e amarga sanggar isish
rusak, bocor”.
Gilang mung manthuk-manthuk ndelalah ndue ide.
“Aha! Ngene Ris, aku ndue panggon cilik ning omah ya kui
kaya studio lah, daripada awakmu mung latihan ngene iki piye umpama yen awakmu latihan ning mahku karo ngenteni sanggar
didandani. Lomba mu ya meh teka to?”.
“Rapapa ta Lang? Aku ora ngrepoti ta Lang? Wah matursuwun ya lang aku seneng banget”
“Lah ora lek ngrepoti, iya padha-padha. Mulai sesuk sampek lomba teka, awakmu isa ning mahkuengko
bareng karo aku. Yen umpamane sir latihan ya isa ning mahku Ris santai wae”.
Aris bersyukur banget karo apa sing di nduweni sak iki,
apa maneh Gilang sing wis ora jahat maneh karo Aris. Lomba wis teka, karo dikancani
Gilang lan Bu Guru, dheweke nyanyi karo santai masiya rada ndredhek. Alhamdulillah Aris juara siji, kabeh
pada seneng lan marem banget.
“Kabehwong iku sakjane apik nanging cara ngetokne beda beda
lan yen ana wong ala berarti wong iku durung sadar”.
Aris panggah dadi Aris sing biasane, ning panggone
biasane tanpa dadi wong liya.
Jeneng : Adinda Nindintiya
Alamat :Rt.29
Rw.06 Ds.Prigi
Kec.Watulimo
Kab.Trenggalek
Telp : 081334673832
Sekolah :SMA Negeri 1 Durenan
Tataran : XII IPA 2 urut kaping 01

Komentar
Posting Komentar