WOH ASEM
WOH ASEM
Hayu
bocah wadon sing saiki wis kelas 3 SMA. Dheweke nduweni kepingin kuliyah
nanging wedhi yen ora isa nerusne kuliyah jalaran ora nduwe biaya. Hayu
termsasuk bocah sing berprestasi ing sekolahane.
Ibuke
namung dodolan gorengan saben dinane, Bapake sampun seda nalika Hayu kelas 1
SMA. Yen wis mulih sekolah Hayu biyasane ngewangi Ibuke dodolan gorengan.
Srengenge
durung gelem ngetokake wujude, gegodhongan isih katon teles lan katon seger.
Hayu wis macak arep budhal sekolah, nanging sakdurunge kuwi Dheweke ngewangi
Ibuke nyepakne gorengan sing arep didol.
“Nduk,
ayo sarapan dhisik”. Dhawuhe Ibuke Hayu.
“Inggih
buk”. Ujare Hayu.
Sakwise
sarapan Hayu banjur budhal sekolah, ora lali Dheweke pamitan marang Ibune.
“Buk
kula bidhal sekolah rumiyIn, Assalamualaikum”. Ujar Hayu (salaman karo ngambung
tangene Ibuke).
“waalaikumsalam
iya nduk tiati” Jawabe Ibuke.
Yen
sekolah Hayu numpak sepedah ontel kang wis amoh lan butut, nanging Dheweke ora isin senadyan enek kancane sing ngenyek.
Hayu
nduweni kanca akrab jenenge Ratih Putri Astuti. Ratih kuwi bocahe ayu lan luhur
lakune.
Sakwise
teko sekolahan Hayu wis cethukan Ratih uga menyang kelas bareng-bareng.
Tet...tet...tet...
Bel
masuk wis muni bocah-bocah padha mlebu kelase dhewe-dhewe. Iki mau ana ulangan matematika.
Bu guru matematika wis mlebu ing kelas.
“Saiki
bukune dilebokne menyang njero tas lan disiane kertas selembar karo pulpen”. Ujare
Bu guru.
“Inggih
bu”. Semaure bocah-bocah.
Soal
ulangan wis didumne, Hayu nggarap katon tenang amarga dheweke wis sinau. Suara
bel wis muni wektune lembar jawaban dikumpulne.
Bocah-bocah
padha mabur menyang kantin kejaba Hayu. Hayu budhal menyang perpus, ing dalan
Hayu papasan karo Ratih. Uga cah loro kuwi budhal menyang perpus bareng-bareng.Suwasana
ing perpus ora serame ing kantin sing koyo pitik dipakani.
“Rat,
apa sing kok waca?”.Takone Hayu.
“Iki
lo aka maca Buku Cara Cepat Menjadi Orang
Sukses”. Jawabe Ratih
“Oalah
kuwi aku wis tau maca, isine apik menehi nasihat lan pitutur kang bener”. Ujar
Hayu.
Bel
masuk wis muni Hayu lan Ratih banjur mbalik menyang kelas. Kepeneran iki mau jamkos bocah-bocah padha girang kebeh.
Hayu,
Ratih, Lastri lan Wati uga jagongan ngenani babakan kuliyah.
“Cah
lek wis metu SMA sampeyan kabeh arep nerusne nandi?”. Ujar Wati.
“Aku
kepengin nerusne ik lo cah sing kerja ing kapal pesiar, supaya bisa berjelajah berkeliling dunia”.Jawabe
Lastri
“O..iya
aku ya kepengi iku neng kapal pesiar, tapi karo wong tua ku ndak oleh”. Ujare
Ratih.
“
ya awakmu kepengin nandi sakliyane kuwi?”.Tekone Wati.
“Aku
kepengn kerja ing Bank, supaya bendina bisa kenek AC,hhhhhhhhh”.
Hayu
mung isa meneng wae amarga dheweke isih bingung arep nerusne ora nduwe ragat.
“Hay
sampeyan tak sawang kawit mau kok mung meneng wae?”. Tekone Ratih.
Krungu
patakone Ratih Hayu mung nyawang karo mesem wae, amarga dheweke bingung karo
kahanan sing dirasakne saiki.
Bel
mulih wis muni bocah-bocah banjur padha mulih. Saktekane omah Hayu banjur crita
marang Ibune.
“Buk
kula saksampunipun Sma nerusake kuliyah menapa mboten?”. Hayu takon marang
ibune
“Nduk,
lek sampeyan kepengin kuliyah, ya kuliyah o mengko meski enek rejekine”. Jawabe
ibuk.
“Sakestu
buk kula bafhe kuliyah kula sambi kerja”. Jawabe Hayu.
“Lek
kuwi karepmu nduk ya lakonono ibuk ora ngelarang”. Ujar Ibuk
“Inggih
matursuwun buk panjenengan sampun ndukung”. Ujar Hayu.
“Wis
wingi gek ndang adus kono”. Dhawuhe Ibuk.
“Inggih
Bu”. Jawab Hayu.
Esuk
iki srengenge wis katon mentor-mentor nyoroti jagat.Wektu Hayu mulih sekolah,
dheweke weruh wong tuwa sing katon
bingung dheweke terus cedheki wong tua kuwi mau.
“Wonten napa ta mbah panjenegan kok
katon bingung?”. Takone Hayu.
“Iki lo nduk aku lali dalan mulih,
dhuh aku engko lek digoleki anakku piye?”. Jawab simbah kuwi mau.
“Panjenengan asmane sinten mbah?”. Tekon
Hayu.
“jenengku mbah Bejo nduk”. Jawab mbah Bejo.
“Panjenegan kok saget tekan mriki
padospundi to mbah?”. Takon hayu.
“Esuk mau aku mlaku-mlaku terus aku
ora weruh dalan mulih”. Ujar mbah Bejo.
“Mangga
mbah kula teraken wangsul”. Ajak Hayu.
“Iya
nduk, iki KTP ku diloken alamate ing kono”. Ujar mbah Bejo.
Hayu
banjur ngeterake mbah Bejo Mulih. Sawise kuwi Hayu banjur mulih. Keluwargane
mbah Bejo banjur matursuwun banget marang Hayu.
3 dina sawise kejadian kuwi. Anak e
mbah Bejo nggoleki omahe Hayu.
“Assalamualaikum, menapa leres niki
griyane Hayu?”. Takone anake bah Bejo
“Inggih wonten napa ta mbak?”. Ujar
ibuke Hayu.
“Niki
lo buk dinten kepungkur Hayu mbiyantu
Bapak kula, Kula badhe ngucapaken matur suwun, marang Hayu”. Jawab anak e mbah
Bejo.
“keluwarga
kula kepingin nyekolahne Hayu, nganti sacukupe.”Ujar anak e mbah Bejo.
“alhamdulillah
Ya Alloh, panjenengan sampun maringi rejeki ingkang gedhe”.
Ibuke
Hayu marem banget saking mareme sampek mbrebes mili luhe. Lan uga ngucap syukur
marang Gusti Alloh.
Krungu
kabar kuwi Hayu marem banget, ora lali Hayu ngucapake syukur marang Guisti
Alloh lan ngucapake matur suwun marang kulawargane mbah Bejo.
Telung sasi wis liwat, UN (Ujian
Nasional) wis dilakoni Hayu, sampek dheweke oleh nilai paling duwur ing
sekolahe. Iku berkat katemenane dheweke. Hayu saiki wis nutuake kuliyahe S1,
karo biyantuane keluwargane mbah Bejo. Saiki
cita-citane Hayu wis kelakon. Uripe wis ora ngrekasa maneh, ibuke digawekne
warung cilik-cilikan neng ngarep omahe.
Tumindak kang becik iku bakal
diwales karo kabecikan.
Alamat
: Rt.12/Rw.04, Ds.Sawahan,
Kec.Watulimo, Kab.Trenggalek
Telepon : 082257681402
Sekolah : SMAN 1 DURENAN TRENGGALEK
Tataran : XII-IPA 2 / Urut kaping 05


Komentar
Posting Komentar